Kaérut

Kaérut (Maranta arundinacea)iku sajinis tetuwuhan awangun terna kang ngasilaké dhangkèl kang bisa dipangan.

Kaérut
Kaérut
Kaérut, Maranta arundinacea
miturut F.M. Blanco, Flora de Filipinas
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Monocots
Unranked: Commelinids
Ordho: Zingiberales
Famili: Marantaceae
Génus: Maranta
Spésies: M. arundinacea
Jeneng binomial
Maranta arundinacea
L.

Kaérut ora tau dadi sumber panganan pokok, nanging kerep ditandur ing pakarangan ing padésan minangka cadhangan panganan ing dalem mangsa paceklik. Tuwuhan iki uga diarani: angkrik, érut, gaérut, garut, gerut, girut, irut, jelarut, jengkerut, jlarut, klirut, kérut, lérut, midri, lan waérut.

Pamerian

Kaérut 
Ditadur ing pekarangan omah, Banyumas

Terna menaun, tegak, kanthi wit kang cabang menggarpu, dhuwur 40–100 cm. Rimpangé empuk lan engkak, mawa daging, kaputih-putihan utawa semu abang kanthi sisik godhong putih semu abang. Godhong mawa tangkai dawa, mawa pelepah ing pangkalé lan tansaya kandel, kanthi helaian awangun lonjong kanthi pucuk lancip. Kembang majemuk sajeroning malai terminal (ing pucuk wit), zigomorfik,awarna putih. Woh lonjong, abang tuwa, gundhul nganti mawa rambut.

Kagunan

Kaérut 
Kue tepung garut saka Réunion

Garut mligi ditandur kanggo dijupuk uwiné, kang ngasilaké pathi kanthi kualitas dhuwur, kanthi ukuran alus lan regané larang . Rimpang garut uga bisa didadèkaké sumber karbohidrat alternatif kanggo ngganti glepung trigu. Rimpang segar mengandung air 69–72%, protéin 1,0–2,2%, lemak 0,1%, pati 19,4–21,7%, serat 0,6–1,3% dan abu 1,3–1,4%.

Kaérut 
Tuwuhan garut hias

Glepung garut becik kanggo dikonsumsi déning wong kang lemah utawa kang nembé mari saka lara, amarga gampang dicerna déning panandhang masalah weteng utawa masalah usus. Glepung iki uga minangka pengenyal manéka jinis panganan, bumbu, sup, gula-gula, masakan lan panganan panutup kaya ta puding lan ès krim. Bubur saka rimpang kang isih seger minangka obat olès tatu lan tatu mawa nanah; pathiné dicampur karo banyu utawa susu dipigunakaké kanggo nambani masalah-masalah weteng (contoné nambani keracunan) lan diaré. Kabèh pérangan rimpang kang durung ngandhut serat bisa dipangan kanthi cara dikukus utawa dipanggang luwih dhisik.

Bubur kang diasilaké saka rimpang dipigunakaké sajeroning pabrik kertas, karton, bantal lan papan témbok, lan pathiné minangka bahan dhasar wedhak, lem lan sabun. Ampas sisa gawé glepung dimupangataké kanggo pakan sato iwèn lan pupuk. Godhongé minangka pambungkus. Sauntara iku, sapérangan kultivar garut kanthi godhong kang warnané merak ati disenengi uga minangka tuwuhan hias.

Cathetan sikil

Pranala njaba


Cithakan:Tetuwuhan-stub

Tags:

Kaérut PamerianKaérut KagunanKaérut Cathetan sikilKaérut Pranala njabaKaérutMangsa paceklikPanganPekaranganTernaTetuwuhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bathara IndraIan KaselaTurkiDude Harlinoꦌꦤ꧀ꦱꦶꦏ꧀ꦭꦺꦴꦥꦺꦝꦶArdina RastiLeonardo da VinciMiki TikusHa (aksara Jawa)ArkéologiSuriahDavid BeckhamParamitha RusadyAndy LauAnang HermansyahKim Soo-HyunPulo MaduraKandhangThaiJombang, JombangI Want to Die but I want to Eat Tteokpokki (Novèl)KudhétaTrahPCILin DanSagittariusTumpengTaufiq IsmailKopassusHollywoodExtensible hypertext markup languageBasa CinaDeasy NoviantiISBNRirin Dwi AriyantiSèrbiNurwègenTukul ArwanaAgnes MonicaBèlgiFlorentino PérezKaisarꦝꦶꦪꦭꦺꦏ꧀ꦱꦼꦩꦫꦔꦤ꧀San FranciscoIran1940-anAnie CareraAsem sitratDelimaSultan DjorghiManukFilem pornoSutantoDenny CaknanTedhak sitènTom CruiseAura Kasih16 AprilSepur MajapahitKintsugiJung Yong HwaDhuwit (tembung)KarbitBaronganRéyogDaniel ManantaKalium permanganatRama TambakWikipédia basa JawaISO 639-1Ekin ChengLos AngelesMaladéwaTawangmangu, Karanganyar🡆 More