Edinson Cavani

Edinson Roberto Cavani Gómez (pangucap cara Spanyol: ; lair 14 Fèbruari 1987) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Uruguay ingkang main ing posisi striker, lan samenika main ing Prancis Ligue 1 klub Paris Saint-Germain lan Tim Nasional Bal Uruguay.

Piyambakipun kawentar minangka juru main bal ingkang cepet, kiyat, oportunis, tèknik saé, Cavani saged dipundéskripsikaken minangka striker modéren. Piyambakipun ugi kawentar gadhah kaprigelan damel gol ingkang imprèsif, kiyat ing udhara lan samparanipun, sengkut anggénipun main, lan gadhah akurasi tendhangan bébas ingkang saé. Piyambakipun main ing posisi striker tengah, mliginipun ing aréa serangan, lan saged dipunanggé ing striker nomer kalih, lan striker sayap.

Edinson Cavani
Edinson Cavani
Cavani main kanggé Uruguay ing taun 2017
Katerangan priangga
Jeneng dawa Edinson Roberto Cavani Gómez
Tanggal lair (1987-02-14) 14 Fèbruari 1987 (umur 37)
Papan lair Salto, Uruguay
Dhuwur 1.88 m (6 ft 2 in)
Posisi main Striker
Katerangan klub
Tim saiki
Paris Saint-Germain
Angka 9
Karir nom
2000–2005 Danubio
Karir sénior*
Taun Tim Main (Gul)
2005–2007 Danubio 25 (10)
2007–2010 Palermo 109 (34)
2010–2013 Napoli 104 (78)
2013– Paris Saint-Germain 151 (107)
Tim nasional
2006–2007 Uruguay U20 14 (9)
2012 Uruguay Olympic 5 (3)
2008– Uruguay 98 (40)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 20 December 2017.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 14 November 2017

Cavani miwiti kariripun ing klub Danubio ing Montevideo, ing klub punika Cavani main kalih taun, sadèrèngipun pindhah dhateng klub Italia Palermo ing taun 2007. Piyambakipun main sekawan mangsa ing klub punika, damel 34 gol ing 109 tetandhingan. Taun 2010, Cavani pindhah dhateng klub Napoli, pindhah ing klub punika kanthi regi transfer 17 yuta euro. Ing mangsa 2011-2012, piyambakipun menangaken setunggal titel juwara inggih ing Coppa Italia, lan dados top skorer kanthi gangsal gol. Wonten ing klub Napoli, Cavani nyithak 33 gol ing kalih mangsa pertama, 38 gol ing mangsa katiga, lan dados top skorer Serie A kanthi 29 gol. Tanggal 16 Juli 2013, Cavani dipuntransfer dhateng Paris Saint-Germain kanthi regi transfer 64 yuta euro, lan dados juru main paling awis reginipun ing jagad bal-balan Prancis.

Pranala njawi

(ing basa Indonésia) Profil Edinson Cavani

Rujukan

Tags:

Bal-balanLigue 1Paris Saint-Germain F.C.PerancisSikilUruguay

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Umar bin Abdul AzizMia KhalifaGambangAndy LauBambang Hendarso DanuriTombiliKalkulusMoskouAgeng TirtayasaBasa ngokoRafael StruickAri SigitWarangganaKanoFreya JayawardanaGerakan Pramuka IndonesiaLemperSatelit alamiLee HyoriultravioletBekakakSoedirmanOlah-olahan InggrisGemblongWayang golèkMi ongklokYoniDrumKebo ilang, tombok kandhangStadion Jassim Bin HamadBanjar Tengah, Negara, JembranaTembung entarLindhuSalam Lintas AgamiRizky NazarAlamCumbanaEmil DardakDjauhariÈngklèkIan KaselaTom CruiseAngsangSetatsiyun CepuAthletic BilbaoUntaWhitney HoustonSamudra PasifikSunan Gunung JatiHidrogenHamtaroRama TambakArané pérangan awakKabupatèn MagetanAgus MustofaGunung PenanggunganBasa JawaSurat Al QadrWinona RyderWisanggeniVidéoIndonésiaSoehartoPratélan Mahamantri JepangKomengAljabarJay IdzesMasjidil KaramAlbert EinsteinRerengganMaulana Malik IbrahimIowaXabi AlonsoErisWikipédiaSt. Petersburg🡆 More