Cinderella, ya iku dongèng tradhisional kang ana ing nagara akèh lan kanthi versi kang béda - béda.
Versi paling wiwitan ya iku saka Cina ing taun 860. Dhèwèké kacathet ing The Miscellaneous Record of Yu Yang déning Tuan Ch'ing-Shih,salah sawijiné buku kang wis ana wiwit Dinasti Tang. Versi kang paling misuwur ya iku ditulis déning panyerat Perancis Charles Perrault ing taun 1697 dhedhasar carita rakyat ditulis déning Giambattista Basile minangka La Gatta Cennerentola ing taun 1634, nanging filem animasi saka Walt Disney Production wis dadi standar versi kontemporer.
Versi kang paling misuwur nyeritakaké ana wong wadon kang sak omah karo mbok kuwalon lan 2 sadulur wadon kuwaloné kang padha jahat kabèh. Ing jaman biyèn ana wong wadon kang ayu lan apik atiné, jenengé Cinderlla. Sawisé bapaké mati, dhèwèké sak omah karo mbok kuwalon lan sadulur kuwaloné. Saben dinané Cinderella disiksa, dikongkon umbah - umbah, asah - asah, gawéyanomah kudu dilakoni kabèh. Ing sawijining dina, ana pangeran kang nganakaké pista dansa ing pura, nanging Cinderella dipenging mèlu. Nanging, ibu peri teka lan nulung dhèwèké. Cinderella disulap dadi ayu lan nganggo klambi apik, sepatu kaca, lan duwé tumpakan kréta waluh. Ing pura, Cinderella dansa karo pangeran. Cinderella dadi lali, yèn kudu bali sadurungé jam 12 bengi, amarga ngèlmu sikir ibu peri bakal ilang nalika luwih jam 12. Amarga wis jam 12, Cinderella lumayu ninggal pangèran. Ora sengaja, salah siji sepatuné kèri ing pura. Pangèran njupuk sepatu mau, lan ngumumké, sapa kang bisa nganggo sepatu iku bakal dipèk bojo. Nanging tetep ora ana kang nyukup karo sepatu mau kejaba Cinderella. Cinderella mèlu nyoba, lan tenan sepatunè cukup. Pangéran mboyong Cinderella menyang pura. Pungkasan Cinderella urip seneng selawasé.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Cinderella, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.