Chiyoda, Tokyo

Cithakan:Infobox kutha Jepang

Chiyoda, Tokyo
Seimon Ishibashi ing Astana Kamaharajan Tokyo (Kōkyo)
Chiyoda, Tokyo
Gedung Parlemèn Jepang
Chiyoda, Tokyo
Kantor Mahamantri Jepang (Kantei)

kutha Chiyoda (千代田区 Chiyoda-ku?) punika salah satunggal saking 23 dhistrik istimewa ingkang mapan wonten ing pusat kutha Tokyo, Jepang. Tokyo punika prefektur saéngga dhistrik kutha Chiyoda punika sejajar kaliyan kutha. Ing tengahing kutha Chiyoda wonten Astana Kamaharajan Tokyo. Kirang langkung 12% wewengkon kutha punika wujud kawasan ijo kagunganipun astana.

Parlemèn Jepang, Mahkamah Agung Jepang, Kantor Mahamantri Jepang, lan kantor-kantor kementerian mapan wonten ing kutha Chiyoda. Kawasan Nagatachō, Tokyo lan Kasumigaseki punika kalebet pusat papréntahan lan birokrasi Jepang. Kantor pusat bank utama ing Jepang, ariwarta nasional, lan perusahaan-perusahaan ageng mapan wonten ing kawasan Marunouchi lan Ōtemachi. Pusat belanja ugi mapan wonten ing kawasan Marunouchi. Wonten ing kawasan Kanda punika dados pusating panerbitan. Déné kawasan Jinbōchō dipunwastani "kutha buku" amargi saking kathahipun toko buku ingkang wonten ing kawasan punika. Pusat èlèktronik Akihabara wonten ing kawasan Sotokanda. Nippon Budokan ing kawasan Kitanomaru Kōen déné kawasan permukiman ingkang mewah wonten ing Surugadai.

Sareng kaliyan kutha Chūō lan Minato, Chiyoda kalebet salah satunggal saking 3 pusat kutha ing Tokyo. Kathahipun wewengkon kutha Chiyoda punika kebak kaliyan gedung-gedung ageng lan inggil sarta kantor papréntahan. Papan kanggé manggon rakyat biyasa punika boten ing papan punika, saéngga nalika wanci awan cacahipun penduduk langkung kathah tinimbang nalika wanci dalu. Ing antawisipun 23 dhistrik istimewa Tokyo, kutha Chiyoda gadhah jumlah penduduk wanci dalu ingkang paling sakedhik. Nalika wanci dalu, kutha punika namung gadhah penduduk kirang langkung 44 èwu tiyang. Kuwalikan ing wanci awan, kutha punika ramé déning tiyang dumugi satunggal yuta tiyang.

Géografi

Distrik kutha Chiyoda dipunubengi déning dhistrik kutha Chūō, Minato, Shinjuku, Bunkyō, lan Taitō.

Sajarah

Saking jaman Edo, wewengkon punika mekar minangka pusat papréntahan Jepang. Rumiyinipun ing wewengkon punika kathah panggènan kanggé daimyo lan hatamoto. Nalika taun 1878, Tokyo dipunpérang dados 15 dhistrik kutha ingkang langkung alit, kalebet dhistrik kutha Kojimachi lan dhistrik kutha Kanda. Nama kutha punika dipunpendhet saking nama sanès kanggé Astana Edo, inggih punika Astana Chiyoda. Distrik kutha Chiyoda, kadhapuk ing tanggal 15 Maret 1947 saking gabungan kalih ditrik kutha Kojimachi lan Kanda.

Transportasi

Stasiun Tokyo mapan wonten ing Chiyoda.

Sepur (Kereta api)

  • Central Japan Railway Company (JR Tokai)
  • East Japan Railway Company (JR East)
    • Tōhoku Shinkansen, Jōetsu Shinkansen, Yamagata Shinkansen, Akita Shinkansen, Nagano Shinkansen: Stasiun Tokyo
    • Jalur Utama Tōkaido, Jalur Yokosuka: Stasiun Tokyo
    • Jalur Yamanote, Jalur Keihin-Tōhoku: Stasiun Tokyo, Stasiun Yūrakuchō
    • Jalur Utama Tōhoku: Stasiun Kanda, Stasiun Akihabara
    • Jalur Utama Chūō
      • Jalur Ekspres Chūō: Stasiun Tokyo, Stasiun Kanda, Stasiun Ochanomizu
      • Jalur Chūō-Sōbu: Stasiun Ochanomizu, Stasiun Suidōbashi, Stasiun Iidabashi, Stasiun Ichigaya
    • Jalur Utama Sōbu
      • Jalur Ekspres Sōbu: Stasiun Tokyo
      • Jalur Chūō-Sōbu: Stasiun Ochanomizu, Stasiun Akihabara
    • Jalur Keiyō: Stasiun Tokyo
  • Tokyo Metro
    • Jalur Ginza Tokyo Metro: Stasiun Kanda, Stasiun Suehirocho, Stasiun Tameike-sannō
    • Jalur Marunouchi Tokyo Metro: Stasiun Tokyo, Stasiun Ōtemachi, Stasiun Awajichō, Stasiun Ochanomizu, Stasiun Kokkai-gijidōmae, Stasiun Kasumigaseki
    • Jalur Hibiya Tokyo Metro: Stasiun Akihabara, Stasiun Hibiya, Stasiun Kasumigaseki
    • Jalur Tōzai Tokyo Metro: Stasiun Iidabashi, Stasiun Kudanshita, Stasiun Takebashi, Stasiun Ōtemachi
    • Jalur Chiyoda Tokyo Metro: Stasiun Kokkai-gijidōmae, Stasiun Kasumigaseki, Stasiun Hibiya, Stasiun Nijūbashimae, Stasiun Ōtemachi, Stasiun Shin-ochanomizu
    • Jalur Yūrakuchō Tokyo Metro: Stasiun Kōjimachi, Stasiun Nagatachō, Stasiun Sakuradamon, Stasiun Yūrakuchō
    • Jalur Hanzōmon Tokyo Metro: Stasiun Nagatachō, Stasiun Hanzōmon, Stasiun Kudanshita, Stasiun Jimbōchō, Stasiun Ōtemachi
    • Jalur Namboku Tokyo Metro: Stasiun Tameike-sannō, Stasiun Nagatachō
  • Biro Transportasi Metropolitan Tokyo (Toei)
    • Jalur Mita Toei: Stasiun Jimbōchō, Stasiun Ōtemachi, Stasiun Hibiya, Stasiun Uchisaiwaichō
    • Jalur Shinjuku Toei: Stasiun Ichigaya, Stasiun Kudanshita, Stasiun Jimbōchō, Stasiun Ogawamachi, Stasiun Iwamotochō
  • Metropolitan Intercity Railway
    • Tsukuba Express: Stasiun Akihabara

Pendidikan

Universitas

Negeri

  • Universitas Hitotsubashi (kampus Kanda)

Swasta

  • Universitas Putri Otsuma lan Akademi Putri Otsuma (kampus Chiyoda)
  • Universitas Putri Kyoritsu lan Akademi Putri Kyoritsu (kampus Kanda)
  • Universitas Josai
  • Universitas Sophia
  • Universitas Surugadai
  • Universitas Senshu
  • Universitas Digital Hollywood
  • Sekolah Kedhokteran Gigi Tokyo
  • Universitas Tokyo Denki (kampus Kanda)
  • Tokyo University of Career Development
  • Universitas Sains Tokyo (kampus Kudan)
  • Universitas Nishogakusha
  • Universitas Nihon (Fakultas Ékonomi, Fakultas Kedhokteran Gigi, Fakultas Hukum, Fakultas Teknik, Pembelajaran Jarak Jauh)
  • Universitas Kedhokteran Gigi Nippon
  • Universitas Hosei
  • Universitas Meiji (kampus Surugadai)

Akademi

  • Akademi Tokyo Kasei Gakuin
  • Akademi Universitas Nihon

Sekolah Menengah Atas

Prefektur

  • Sekolah Menengah Atas Metropolitan Tokyo Hibiya
  • Sekolah Menengah Atas Metropolitan Tokyo Kudan
  • Sekolah Menengah Atas Metropolitan Tokyo Hitotsubashi

Distrik kutha

  • Sekolah Menengah Chiyoda Kudan

Swasta

  • Sekolah Menengah Otsuma
  • Sekolah Menengah Kanda
  • Sekolah Menengah Putri Kyoritsu
  • Sekolah Menengah Atas Kinjō Gakuen
  • Sekolah Menengah Gyosei Gakuen
  • Sekolah Menengah Atas Clark
  • Sekolah Menengah Kojimachi Gakuen
  • Sekolah Menengah Shirayuri Gakuen
  • Sekolah Menengah Joshigakuin
  • Sekolah Menengah Atas Seisoku Gakuen
  • Sekolah Menengah Putri Chiyoda Gakuen
  • Sekolah Menengah Tokyo Kasei Gakuin
  • Sekolah Menengah Atas Toyo
  • Sekolah Menengah Atas Universitas Nishogakusha
  • Sekolah Futaba Gakuen
  • Sekolah Menengah Miwada Gakuen
  • Sekolah Menengah Wayo Kudan

Papan kelairan

Artis

  • Heinosuke Gosho (sutradara)
  • Shōtarō Akiyama (juru foto)
  • Fubuki Koshiji
  • Rei Asami
  • Meiko Kaji
  • Noriko Hidaka (seiyu)
  • Shūji Sano (aktor)
  • Nakamura Kichiemon II
  • Ruriko Asaoka
  • Kiyokata Kaburagi (pelukis)

Sastrawan

  • Hideo Kobayashi (kritikus)
  • Saneatsu Mushanokōji
  • Tamio Kageyama

Arsitèk

  • Kotarō Sakurai
  • Setsu Watanabe

Atlet

  • Yahiko Mishima

Papan pariwisata

Chiyoda, Tokyo 
Akihabara
  • Akihabara

Musiyum

  • Museum Sains (Kagaku Gijutsukan)
  • Musiyum Nasional Seni Modern Tokyo (MOMAT)
  • Musiyum Seni Idemitsu
  • Musiyum Telekomunikasi Teishin
  • Musiyum Parlemèn Jepang (Kokkai-gijidō)
  • Musiyum Arkéologi Universitas Meiji

Wangunan mawi piwulang sajarah

  • Katedral Nicholai (Nicholai-do)
  • Tilasing Pura Edo Gerbang Tayasu, Gerbang Shimizu, Gerbang Soto-sakurada.
  • Tilasing Gedung Kementerian Kehakiman Jepang (Hōmushō Kyūhonkan)
  • Gedung Meiji Seimei
  • Stasiun Tokyo sisih Marunouchi

Kuil

  • Kuil Hie
  • Kuil Tsukudo
  • Kuil Kanda
  • Kuil Yasukuni

Taman

  • Taman Timur Pura Kamaharajan Tokyo
  • Taman Kitanomaru

Media massa

Stasiun radio

  • Nippon Broadcasting System (Yūrakuchō)
  • Tokyo FM

Surat kabar

Cathetan suku

Pranala njawi

Tags:

Chiyoda, Tokyo GéografiChiyoda, Tokyo SajarahChiyoda, Tokyo TransportasiChiyoda, Tokyo PendidikanChiyoda, Tokyo Papan kelairanChiyoda, Tokyo Papan pariwisataChiyoda, Tokyo Media massaChiyoda, Tokyo Cathetan sukuChiyoda, Tokyo Pranala njawiChiyoda, Tokyo

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MatématikaImperium BritaniaWewengkon dependensiKalium nitratTembung éntarKumbakarnaListrikPrastawa BudayaKali SavaMicrosoft WindowsKuwé lapisKanadhaTélégrafYuri GagarinBasa InggrisCMalik bin AnasAlfabèt KirilOrganismeMaliBasis dataTémbok SesambatSt. PetersburgIklanKarajan ManunggalImprovisasiZhou EnlaiJepangAdamPrajuritLesmanaBanyu47Adobe FlashAlginatGarèngSajarah perkomputeranMulud (pahargyan)JubaRuwatanGaon ChartBasa PèrsiCut KekeQatar190564Borough (New York City)Dhomain publikArjunaSurat Al A’RaafAsiaPrancisIndhiDistrik ing TurkiGambangKolombiaMaskumambangWhatsAppÉropaSepasaranStephanie HandojoDinaAksara PégonJames CookBal-balanGubernurSurat Al FathAlkitabUniversitasTrontongWadonEmping mlinjo🡆 More