Adachi, Tokyo

Cithakan:Infobox kutha Jepang

Adachi, Tokyo
gendéra Adachi, Tokyo.

Distrik kutha Adachi (足立区 Adachi-ku?) inggih punika salah satunggal saking 23 distrik istimewa ingkang mapan wonten ing Tokyo paling lèr, Jepang. Tokyo punika satunggaling prefektur saéngga papan distrik kutha Adachi punika sami kaliyan satunggaling kutha. Wewengkon kutha Adachi kapérang dados kalih wewengkon ingkang kapisah. Wewengkon sempit ingkang dipunapit Lèpèn Sumida lan Lèpèn Arakawa sarta wewengkon ingkang langkung wiyar ing Lèpèn Arakawa. Wonten ing kutha Adachi wonten papan ingkang dipunsebat Senju. Nalika ing jaman Edo, papan punika dipunlangkungi margi Nikkō Kaidō antawisipun Edo lan Nikkō Tōshō-gū sarta ramé minangka kutha panyipengan (penginapan). Sadèrèngipun dados distrik kutha Adachi (Adachi-ku), wewengkon punika rumiyinipun dipunsebat distrik Adachi (Adachi-gun). Sanajan makaten, pusat distrik Adachi ing jaman rumiyin mapan wonten ing kidul-wétan distrik kutha Adachi ingkang sapunika.

Géografi

Watesing wewengkon

  • Wétan : distrik kuthaKatsushika
  • Lor : Prefektur Saitama (Yashio, Sōka, Kawaguchi, Hatogaya)
  • Kulon : distrik kutha Kita
  • Kidul: distrik kutha Arakawa lan Sumida.

Lèpèn

  • Lèpèn Sumida
  • Lèpèn Arakawa
  • Lèpèn Ayase
  • Lèpèn Naka
  • Lèpèn Shiba
  • Lèpèn Kenaga

Sajarah

Literatur tuwa dhéwé ingkang nedahaken bilih Adachi punika nama papan inggih punika papan kayu ingkang sinerat (mokkan) saking Heian-kyō taun 735. Wiwit saking jaman Kamakura, perkampungan sansaya kathah ing wewengkon ingkang samangké badhé dados kutha Adachi. Wiwit saking tengahah jaman Muromachi dumugi jaman Sengoku, wewengkon punika dados wewengkon kuawosing klan Chiba lajeng ing jaman Edo dados wewengkon Keshogunan Edo.

Nalika ing jaman Meiji, Adachi dados wewengkon Prefektur Tokyo. Distrik Adachi (Adachi-gun) kadhapuk ing taun 1878 saking asiling gabungan 47 kutha lan désa. Miturut rencana pamekaran kutha, nalika taun 1932, distrik kutha Adachi (Adachi-ku) jumeneng saking 10 désa lan kutha tilas Adachi-gun. Watesing wewengkon distrik kutha Adachi ingkang sapunika inggih kasil saking éwah-éwahan watesing wewengkon nalika taun 1947. Wiwit wulan April 2000, Adachi dados distrik kutha istimewa (tokubetsu-ku) ingkang sejajar kaliyan kutha.

Transportasi

Sepur (Kereta api)

Stasiun Kita-Senju punika stasiun utami ing kutha Adachi.

  • East Japan Railway Company
    • Jalur Jōban: Stasiun Kita-Senju, Stasiun Ayase
  • Tobu Railway
    • Jalur Tobu Isesaki: Stasiun Horikiri, Stasiun Ushida, Stasiun Kita-Senju, Stasiun Kosuge, Stasiun Gotanno, Stasiun Umejima, Stasiun Nishiarai, Stasiun Takenotsuka
    • Jalur Tobu Daishi: Stasiun Nishiarai, Stasiun Daishimae
  • Keisei Electric Railway
    • Jalur Utama Keisei: Stasiun Senjuōhashi, Stasiun Keisei-Sekiya
  • Tokyo Metro
    • Jalur Hibiya Tokyo Metro: Stasiun Kita Senju
    • Jalur Chiyoda Tokyo Metro: Stasiun Kita Senju, Stasiun Ayase, Stasiun Kita-Ayase
  • Metropolitan Intercity Railway
    • Tsukuba Express: Stasiun Kita Senju, Stasiun Aoi, Stasiun Rokuchō
  • Biro Transportasi Metropolitan Tokyo
    • Jalur Nippori-Toneri (sistem transportasi massal otomatis): Stasiun Adachi-Odai, Stasiun Ōgi-ōhashi, Stasiun Kōya, Stasiun Kōhoku, Stasiun Nishiaraidaishi-nishi, Stasiun Yazaike, Stasiun Toneri-kōen, Stasiun Toneri, Stasiun Minumadai-shinsuikōen

Pendidikan

Sekolah Menengah Atas

Prefektur

  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Aoi
  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Adachi
  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Adachi Shinden
  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Adachi-nishi
  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Adachi-higashi
  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Kōhoku
  • Sekolah Menengah Atas Tokyo Metropolitan Fuchie
  • Sekolah Menengah Teknik Tokyo Metropolitan Adachi
  • Sekolah Menengah Ékonomi Tokyo Metropolitan Arakawa

Swasta

  • Sekolah Menengah Atas Adachi Gakuen
  • Sekolah Menengah Atas Putri Juntoku

Papan wiyos

Artis

  • Takeshi Kitano
  • Asano Atsuko
  • Yoshiko Tanaka
  • Kaela Kimura
  • Sakura Uehara
  • Hiroki Takahashi
  • Minami Takayama
  • Akiko Hinagata

Sastrawan

  • Katsutomo Saotome (penulis)
  • Yukichi Amano (kolumnis)
  • Daijirō Morohoshi (mangaka)

Budaya lan seni

  • Tokyo Budokan

Pariwisata

  • Sōji-ji (Nishiarai Daishi, kuil Buda)
  • Taman Toneri
  • Taman Higashi Ayase
  • Taman Toshi Nōgyō

Kutha kembar

Cathetan suku

Pranala njawi

Tags:

Adachi, Tokyo GéografiAdachi, Tokyo SajarahAdachi, Tokyo TransportasiAdachi, Tokyo PendidikanAdachi, Tokyo Papan wiyosAdachi, Tokyo Budaya lan seniAdachi, Tokyo PariwisataAdachi, Tokyo Kutha kembarAdachi, Tokyo Cathetan sukuAdachi, Tokyo Pranala njawiAdachi, Tokyo

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ma'ruf AminMaskumambangGajahBale Sigala-galaLeléwaning basaNike ArdillaRebabAdeodatus IKalium nitratArtikelKabupatèn JayawijayaPevita PearceBani UmayahKethukAngklungWayback MachineRamaCoboy JuniorMarie AntoinetteSurat Adh DhuhaFosforKunir asemSingaSinarmas GroupBika ambonPada pangkatRicky HarunWarangganaWhatsAppCepu, Blora2002Tarakan TVHasyim Asy'arieAsian Football ConfederationDhomain publik2006SARWayang kulitAksara JawaRas KaukasoidKi Hadjar DewantaraNanotèknologiLia AnantaYusril Ihza MahendraEgy Maulana VikriKali NilSami KhediraNadiem MakarimVoltaireRaden Kian SantangPariwaraBella SaphiraRyan GiggsRotasiYovie And The NunoSurat Ali ImranBélarusBatagorÉjakulasiArjuna SasrabahuSurat An Nisaa’Liputan 6 PetangJay IdzesWarakNicholas SaputraꦱꦗꦫꦃNaffWidi WidajatRizky RidhoPeperangan SekigaharaJay ChouJason StathamÈnsiklopédhi🡆 More