Brontosaurus

Brontosaurus ingkang ateges kadal kilat (saking basa Yunani brontē/βροντη ateges kilat, sauros/σαυρος tegesipun 'kadal') inggih punika salah satunggal saking jinising kéwan dhinosaurus sauropoda ingkang boten saged kapanggih malih wonten ing jaman sapunika.

Brontosaurus
Kalamangsa: Akhir jaman Jura
Brontosaurus
Wrangka Brontosaurus déning O.C. Marsh
fosil
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Sauropsida
Superordho: Dinosauria
Ordho: Saurischia
Subordho: Sauropodomorpha
Infraordho: Sauropoda
Famili: Diplodocidae
Génus: Apatosaurus
Jeneng binomial
Apatosaurus excelsus
(Marsh, 1879) vide Riggs, 1903
Sinonim
  • Brontosaurus excelsus Marsh, 1879c

Spésies Brontosaurus excelsus punika dipunjenengi déning pamanggihipun inggih punika Othniel Charles Marsh,nalika warsa 1879. Jeneng punika tansah dipunanggé wonten ing literatur resmi ngantos kirang langkung warsa 1974,sananjan sampun asring dipunsebat sadéréngipun kanthi jeneng Apatosaurus,wonten ing warsa 1903.

Anatomi

Brontosaurus inggih punika dhinosaurus ingkang gadhah gulu panjang sanget ugi kalebet dhinosaurus hèrbivor,gadhah awak ingkang dawanè sawatawis 70-90 kaki (21-27 m), inggilipun saking suku ngantos boyok sawatawis 15 kaki (4,6 mèter), kaliyan bobot sawatawis 33-35 ton abote, bobot kéwan punika kirang langkung ngalangkungi bobotipun 6 gajah. Sirahipun kirang saking 2 méter dawané, tengkorakipun dawa kathi bolongan irung ingkang mapan ing sisih inggil lan ukuran uthek ingkang alit..Kéwan hèrbivor punika gadhah gulu dawa (cacah 15 balung),buntut pecut dawa(sawatawis 50 ft=15 mèter dawane), balung geger ngrongga, suku ngajeng langkung alit ugi pendek ketimbang suku wingking kang ageng lan radi dawa. Suku punika kanggé nalika badhé nyrengkuh godhong wonten ing wit-witan ingkang dhuwur.

Fosil

Fosilipun sampun pinanggih ing Amérika Utara barat ing nagar pérangan Utah, Colorado, kaliyan Wyoming. Brontosaurus kalebet kéwan Sauropoda paling ageng ing antawis sauropoda sanès kados ta Brachiosaurus,kaliyan Diplodocus. Wonten ing jaman gesangipun, Brontosaurus gadhah mungsuh utama dhinosaurus karnivora ageng kados ta Allosaurus. Habitat Brontosaurus limrahipun manggèn wonten ing hutan-hutan tropis.

Anggon manak

Brontosaurus/Apatosaurus,kados ta sauropoda sanès,manak kanthi cara ngendhog. Brontosaurus nalika wayah ngendhog saged ngedalaken endhog puluhan,nanging boten awujud sarang. Brontosaurus ngendhog nalika ngawontenaken lelungan lan endhogé diedhalaken satunggal baka satunggal. Ukuran endhoge ageng antawis 1 kaki (30 cm) ambané.

Jaman Urip

Brontosaurus 
Brontosaurus

Dipunprakirakaken urip wonten ing jaman Jurasik sawatawis 150 yuta warsa kepengker. Para panaliti gadhah pamanggih manawi wonten kadadéan kepunahan massal nalika samanten. Nanging dèrèng wonten ingkang mangertos kadadéan menapa ingkang ndamel kapunahan mau.

Cathetan suku

Tags:

Brontosaurus AnatomiBrontosaurus FosilBrontosaurus Anggon manakBrontosaurus Jaman UripBrontosaurus Cathetan sukuBrontosaurus187919031974Basa YunaniLiteratur

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tembung sipat25 NovèmberWewengkon dependensiKényaSesorahSinom1920Zhou EnlaiKajiAbangFebruari 2012Éjaan Basa Jawa1903GongRansomwareKali SavaPangidhèntifikasi Obyèk DigitalSiprus30 JuniWikibooksWikipédia14Soedarpo SastrosatomoAlkitabBisma1961Iwak teri30OmanWayang purwaAntarktika1979Tembung wilangan babonMassa jenisJeneng ing Kraton NgayogyakartaFWhatsAppDisney ChannelEmping mlinjoAdamKerja Sama Ekonomi Asia PasifikJepangWong JawaMandhat Inggris ing PalestinaMark ZuckerbergEmasBalèt Ramayana PrambananIranIrakSurat Al An’amCarpaccioTugu YogyakartaISO 3166-1Amir TatalooMarsTvOneShabeellaha HooseUla marani gebugUni Sovyèt24 NovèmberJenang sungsumShioStephanie HandojoManukWayang kulitSakeOmeshSurat Muhammad1844WikiParamasastra Jawa🡆 More