Anne Frank

Annelies Marie Anne Frank (12 Juni 1929 – Fèbruari/Maret 1945) punika satunggiling pawèstri kaum Yahudi ingkang nyerat satunggal buku dintenan nalika panjenenganipun sesidheman sesarengan kulawarga lan sekawan réncangipun ing Amsterdam ing mangsa pendhudhukan Nazi ing Walandi nalika Perang Donya II.

Saksampunipun sesidheman dangunipun kalih taun, grup punika dipunkhianati lan sadaya dipunbekta dhumateng kamp konsèntrasi ingkang njalari sadaya tiwas kejawi Otto, bapakipun Anne. Otto kundur dhumateng Amsterdam lan panjenenganipun manggihi buku dintenan putrinipun. Amargi yakin dhumateng kaunikan cathetan kasebat, Otto ngupados publikasinipun.

Anne Frank
Anne Frank
Foto Anne Frank
Prangko Jerman gambar Anne Frank.
LairAnnelies Marie Frank
(1929-06-12)12 Juni 1929
Frankfurt am Main, Jerman
PatiAwal Maret 1945 (yuswa 15)
Kamp konsèntrasi Bergen-Belsen, Lower Saxony, Jerman
PakaryaPanulis ingkang dipunpublikasikaken sasampunipun tilar donya
BangsaJerman (miyos), dipunnyatakaken stateless, kepéngin dados tiyang Walandi.

Buku dintenan wau dipunparingaken dhumateng Anne nalika ambal warsanipun ingkang kaping tiga welas lan nyathet urutan prastawa-prastawa kagesangan Anne saking tanggal 12 Juni 1942 dumugi cathetan pungkasan tanggal 1 Agustus 1944. Pungkasanipun buku dintenan punika dipunpertal saking basa Walandi dhumateng manéka basa lan dados salah satunggil buku ingkang kathah piyambak dipunwaos ing donya. Sapérangan prodhuksi téater lan filem ugi ngangkat téma buku dintenan punika. Buku dintenan ingkang dipungambaraken minangka karya ingkang diwasa lan gadhah wawasan punika nyariyosaken potrèt kagesangan sadinten-sadinten ingkang lebet ing saandhaping pendhudhukan Nazi; langkung seratanipun, Anne Frank dados salah satunggil kurban Holocaust ingkang kathah piyambak dipuncariyosaken.

Période ingkang kacathet salebeting buku dintenan

Sadèrèngipun dhumateng papan sesidheman

Kanggé ambal warsanipun ingkang kaping tiga welas tanggal 12 Juni 1942, Anne nampi satunggiling buku cathetan alit ingkang piyambakipun tedahaken dhumateng bapakipun salebeting satunggiling jendhéla toko sawatawis dinten sadèrèngipun. Sanadyan buku punika satunggiping buku tapak asma, Anne migunakaken minangka satunggiling buku dintenan. Panjenenganipun wiwit nyerat, nggambaraken piyambakipun, kulawarganipun, lan réncang-réncangipun, réncang jaler ingkang panjenganipun remeni lan papan-panggénan ingkang remen dipundhatengi ing saubengipun dalem. Sanadyan isi awal punika nggambaraken panjenenganipun minangka satunggiling kenya alit ingkang biyasa, panjenenganipun ugi nggambaraken éwah-éwahan ingkang dumados sasampunipun pendhudhukan Jerman.

Pranala njawi

Réferènsi

Tags:

Anne Frank Période ingkang kacathet salebeting buku dintenanAnne Frank Pranala njawiAnne Frank RéferènsiAnne Frank12 Juni19291945AmsterdamNaziPerang Donya IIWalandaYahudi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tata Surya2001Lelara koronavirus 2019Patih SuwandaCut Nyak MeutiaIbnu SinaAsian Football ConfederationDelia EcoutezLesungMi ongklokFedi NurilPersija JakartaKemayoran, Jakarta Pusat2006Xabi AlonsoSepasaranZayed KhanBromforexMa'ruf AminDanny WelbeckTeletubbiesVoliLuna MayaKaskusMila RodinoBiruviètnamAsem asetatDjauhariJatinangor, Sumedang13 AgustusFacebookLiputan 6 PetangMontor mabur nirawakLee Jong-sukOrbitTom CruiseBleachMikro-organismeA.C. Chievo VeronaAllahPiala Dunia FIFA 2014Mohammad HattaJulius CaesarDewan Perwakilan Rakyat28 OktoberWikisastraOrong-orongSurat Al Hadiid2020Yésus KristusTokugawa IeyasuJefri NicholCangkrimanAnies BaswedanIkeaDivisi Regional I Sumatra Lor lan AcehSri Mulyani IndrawatiꦥꦁꦒꦮꦺꦫꦺꦴꦠꦶKucingSurinameIsih penak jamanku toIwel-iwelGemblongTembung ngombé lan ngunjukIndonesiaUntaUlil Abshar AbdallaGFDLIowaMarie AntoinetteAksara Jawa🡆 More