Frank Lampard

Frank Lampard yaiku juru main bal saka Inggris lan maen ning panggon dadi gelandhang, saiki dhèwèké wis pensiyun lan dadi pelatih ana ing klub papan nduwur Liga Inggris.

Frank Lampard duwé nomer geger 8 sadurungé menyang Chelsea, Lampard nggabung karo West Ham United lan Swansa City. Frank Lampard duwé tepangan sing banter uga pas, mula dhèwèké kerep ngasilké gol saka njaba kotak pinalti. Frank Lampard lair ning Ramford, Heavering tanggal 20 Juni 1978 duwé jeneng dawa Frank James Lampard Jr Bapaké uga bekas juru main bal saka Inggris sing nggabung karo West Ham United. Sepupuné Lampard, Jamie Redknapp uga naté mbela Southampton FC, Tottenham Hotspur, Liverpool FC, lan AFC Bournemouth sadurungé pensiyun ing taun 2005 amarga kerep loro. Frank Lamprd duwé bojo modhel saka Spanyol yaiku Elen Rives sing mènèhi bayi wédok sing dikei jeneng Luna Coco Patricia Lampard sing lair pas tanggal 22 Agustus 2005.

Frank Lampard
Frank Lampard
Informasi Pribadi
Jeneng jangkep Frank James Lampard
Tanggal  lair (1978-06-20) 20 Juni 1978 (umur 45)
Papan  lair    Romford, London, Frank Lampard Inggris
Dhuwur 1.84 m (6 ft 12 in)
Posisi main Gelandhang panyerang
Club information
Klub saiki Pensiyun
Nomer 8


2 National team caps and goals correct
as of 20:12, 26 March 2011 (UTC).
* Panampilan (Gol)

Karir Klub

Tanggal 31 Januari 1996 yaiku debut Lampard karo West Ham United pas tanding karo Coventry City FC. Ning mangsa 1996-1997 dhèwèké akèh namung dadi juru main cadhangan. Amarga dhèwèké ngalami balungé tugel pas nglawan Aston Villa pas tanggal 15 Maret 1997 sing nggawé dhèwèké lèrèn suwé. Gol pertamané kanggo Lampard kanggo West Ham yaiku pas nglawan Barnsley. Ning mangsa ngarepe 1998-1999 Frank Lampard lumebu klub reguler, dhèwèké maen apik ning mangsa iku. Joe Cole, Rio Ferdinand, Michael Carrick yaiku kanca sak klube.

Transfer

Klub London Chelsea FC isoh nggeret Lampard saka West Ham nganggo rega transfer £11 juta pas tanggal 15 Mèi 2001. Debut Lampard karo Chelsea yaiku tanggal 26 Juni 2001 pas tandhing pra-mangsa karo Leyton Orient lan ngegolke sing kepisanan ning tetandhingan iku karo Northampton Town. Debutte menyang Liga Premiership yaiku tanggal 19 Agustus 2001 pas tanding karo Newcastle United 1-1. Mangsa pertamané karo Chelsea FC, Frank Lamprd dadi piliyan utama Claudio Ranieri, lan bisa njebol gawang ping 8 ning kabèh kompetisi yaiku bisa ndadèkaké klub Chelsea FC peringkat 4 saéngga bisa ndadèkaké Frank Lamprd CS maen ning Liga Champion UEFA sing pertamane. Ning mangsa 2003-2004 Chelsea FC bisa lumebu semifinal Liga Champion sadurungé kalah saka AS Monaco, Lampard njebol gawang ping 4 saka 14 tetandhingan. Ning ranah Premiership Chelsea nglungguhi runner up sangisoré Arsenal Premiership mangsa 2004-2005 yaiku mangsa paling sukses ning sajarah Chelsea FC sing wis dilatih karo Jose Mourinho, Lampard maen ning Liga Premiership 13 gol (19 gol sing dicethak). Frank Lampard maen apik banget dadi glandhang sing ngeterke Chelsea FC ngrebut juwara Liga Premiership sing wis ameh setengah abad duwé selisih point 12 karo peringkat 2. 4 gol saka Liga Champion, kejaba iku njebol gawang ning Piala Liga. Frank Lampard mungkasi mangsa iku kang gemilang, yaiku menangke penghargaan Pesepakbola FWA 2005, lan 2 piala dhomestik, total gol 20 iku. Mangsa 2005-2006, Frank Lampard njebol gawang ping 16 ning Liga Premiership, 2 Gol saka lima tetandhingan Liga Champion, lan 2 saka piala dhomestik, total 20 gol ning mangsa iku. Lampard wis njebol gawang pink 89 kanggo Chelsea FC tekan 31 Maret 2007, dhèwèké ngegolke paling akèh saka klube lan kalebu 10 gedhé kabehe. Frank Lampard uga kaloka dadi gelandhang sing paling prodhuktif ning kabèh urusan njebol gawang sepanjang sajarah Chelsea FC lan bisa ngluwihi rekor sing naté digawé Dennis Wise, yaiku 76.

Pensiyun

Sawise Lampard pensiyun saka donya kulit bunder, dheweke banjur jupuk lisensi pelatih Uefa. Ing wiwitan karire dheweke besut tim dhivis kaloro liga Inggris yaiku Derby County lan men wae gawa tim kasebut promosi menyang Liga Primer Inggris. Amarga saka prestasi kuwi klub lawase Chelsea kepincut pengin gawa bali Lampard menyang Stamford Bridge. Tundhone ing Agustus 2019 wingi, Chelsea dhapuk Lampard dadi menejer time kanggo ganteni pelatih sadurunge yaiku Maurizio Sarri kang lunga saka klub.

Bebungah

Klub

Pribadèn

  • Peringkat angka lara sajeroning Pemain Donya FIFA Taun 2005 (2005)
  • Pemain bal-balan FWA 2005 (2005)
  • Peringkat kalara sajeroning Pemain bal-balan Éropah Tahun (2005)
  • Tim FIFPro World XI (2005)

Pranala njaba

Kapustakan


Tags:

Frank Lampard Karir KlubFrank Lampard TransferFrank Lampard PensiyunFrank Lampard BebungahFrank Lampard Pranala njabaFrank Lampard KapustakanFrank LampardBalInggrisSpanyolTaun

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

LésothoGoogle ChromePageblug Covid-19 ing Koréa KidulꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮꦢꦸꦏꦸꦃGendèrMbabaneBatmanNathan TellaGhanaAung San Suu Kyiꦗꦒꦿꦒ꧀Rukun IslamOperaSierra LeoneUniversitas Negeri JakartaStéphane SessègnonSinarmas GroupBumiTapéGinséngKumbakarnaMèksikoKelinciBanaspatiWikipédia basa JawaManganTripoliRèk gasSurat Al QadrTvOnePHPGarasi (band)Tatune arang kranjangSanta LuciaRuwatanFlavius YosefusKencing ManisDominique HouraniYoghurtAngkudanArmèniEddy William KatuariSurat At TalaqKaviar4 AgustusTembung garbaMa Dong-seokJeneng ing Kraton NgayogyakartaNikita KhrushchevMahfud MDAndre TaulanyMarmutUdanArjunaPatih Suwanda15 MaretPhiladelphiaMakruhYérusalemRépublik CinaWignyanJumuwah AdiTitilarasPerang BadarSemarOperasi plastikWayang purwaDian SastrowardoyoLiputan 6 PetangKendel ngringkel, dhadhag ora godhagWangsa TangWawancara🡆 More