Aaron Ciechanover (miyos wonten ing Haifa wonten ing taun 1947) inggih punika salah satunggaling ilmuwan Israèl.
Ciechanover inggih punika profesor wonten ing Pérangan Biokimia lan Direktur Lembaga Penelitian Ilmu Kedhokteran Kulawarga Rappaport wonten ing Technion (Institut Teknologi Israèl) ing Haifa, Israèl. Piyambakipun dados guru besar wonten ing Technion nalika taun 1992, lan minangka profesor kolega ing mrika wiwit taun 1987 dumugi ing taun 1992.
Aaron Ciechanover | |
---|---|
Lair | Haifa, British Mandate of Palestine | 1 Oktober 1947
Bangsa | Israèl |
Kondhang ing | ubiquitin-mediated protéin degradation |
Bebungah | Bebungah Nobel dalam Kimia (2004) |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Biology |
Ciechanover nyandhang gelar Ph.D lan dhokter. Piyambakipun sinau kadhokteran wonten ing Fakultas Kedhokteran Universitas Ibrani wonten ing wewengkon Yerusalem, pikantuk gelar dhokter nalika taun 1974. Antawis taun 1974-1977, Ciechanover gadhah tugas wonten ing Angkatan Pertahanan Israèl. Antawis taun 1977-1981, Ciechanover inggih punika minangka salah satunggaling mahasiswa sarjana kaliyan Avram Hershko wonten ing Technion. Ciechanover pikantuk gelar Doctor of Philosophy nalika taun 1981. Antawis taun 1982-1984, Ciechanover minangka salah satunggaling anggota pascadhoktoral wonten ing Pérangan Biologi, Institut Teknologi Massachusetts, ing pundi piyambakipun sinau babagan lasialoglikoprotein lan reseptor transfer wonten ing laboratorium Harvey Lodish, lan ugi "berkolaborasi" kaliyan Varshavsky lan mahasiswanipun, Finley, wonten ing studinipun wonten ing sel tikus ts85.
Karya mandiri Ciechanover kawiwitan taun 1986, wonten ing Pérangan Biokimia, Technion, Israèl.
Aaron Ciechanover (miyos wonten ing Haifa wonten ing taun 1947) inggih punika salah satunggaling ilmuwan Israèl.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Aaron Ciechanover, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.