Masjid Quba

Masjid Quba iku masjid pisanan sing diyasa déning Rasulullah saw.

Sajeroning Al Qur'an disebutaké yèn masjid Quba iku masjid sing diyasa kanthi dhasar takwa (Surat At Taubah:108).

Barkas:MQuba 091109-0146.jpg
Masjid Quba ing Madinah, sisih mburi

Sajarah

Allah s.w.t muji masjid iki lan wong sing ngadegaké sembahyang ing jeroné saka kalangan sing ndunungi Quba' kanthi Firman-É:

Sayektiné masjid iku sing diadegaké kanthi dhasar takwa (Masjid Quba) wiwit dina pisanan iku luwih patut kanggomu (Hai Muhammad) sembahyang ing jeroné. Ing sajeroné ana wong-wong sing péngin ngresikaké dhiri.......(At Taubah, 108).

Masjid iki ngalami rénovasi makaping-kaping. Khalifah Umar bin Abdul Aziz iku wong pisanan sing yasa menara masjid iki. Saiki renovasi masjid iki ditangani déning kulawarga Saud. Ngutip buku kanthi sesirah Sajarah Madinah Munawarah sing ditulis Dr Muhamad Ilyas Abdul Ghani, masjid Quba iki wis direnovasi lan dijembaraké ing mangsa Raja Fahd ibn Abdul Aziz taun 1986. Renovasi lan gawé luwih jembar iki merlokaké béya 90 yuta riyal sing agawé masjid iki duwé daya tampung nganti 20 èwu jamaah.

Yasan masjid Quba

Sanadyan prasaja banget, masjid Quba bisa dianggep conto wangun masjid sing diadegaké wong sabanjuré. Yasan sing prasaja banget iku wis ngebaki sarat-sarat sing perlu kanggo ngadegaké masjid.

Pranala njaba


Tags:

622Al Qur'anKilomèterMadinahMuhammadSurat At Taubah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Baladéwa28 MaretPatih SuwandaStray KidsSuriname2 DhésèmberEmha Ainun NadjibGoogle ChromeRuwatanPevita PearceArjuna SasrabahuDadar gulungOnai MalikIndosiarꦄꦱ꧀ꦥꦭ꧀Surat Al QadrNECEreksi klitorisWunguCalon ArangThe SimpsonsWiki FoundationAwu vulkanikParto PatrioPerang BadarXherdan ShaqiriGabahAksara PégonSandhanganꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦗꦮMohammad HattaLombok abangꦮꦭꦶꦏꦸꦛHidroponikSri Mulyani IndrawatiNurul ArifinIjmaBitsream VeraHarmonikaRobin WilliamsGlenn FredlyMaria VaniaPallywoodPrabu MatswapatiTatune arang kranjangKabupatèn Deli SerdangBrokohanSesantiJefri NicholPada andhapGamelan Jawaꦒꦺꦴꦔꦤ꧀Donald TrumpSubaliDenny CaknanAngkakKodhokRama TambakSaron panerusSaronIsah-isahKoenigsegg CCXJoglo pèncuSrabiWikimaniaPasinaonan Unggah-Ungguh BasaUwedIndonesia SuburHabib Muhammad Luthfi bin YahyaGambangArjunaHypertext markup languageMohammed Sameer Lami🡆 More