Gamelan Jawa

Gamelan Jawa iku jinis utawa corak gamelan kang urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sapérangan Jawa Wétan.

Aksara Latin
     

Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka laladan liya, yèn musik gamelan Jawa lumrahé nduwé nada luwih lembut lan nganggo laya luwih alon, béda karo musik gamelan Bali kang layané luwih rikat, uga gamelan Sundha kang rasa musiké "nglaras" banget (mendayu-dayu) lan didhominasi swara suling.

Gamelan Jawa
Piranti gamelan Jawa

Asal Usul Nama Gamelan

Gamelan asal tembungé saka tembung lingga "gamel" lan panambang "-an". Gamel tegesé "nuthuk" utawa "nabuh" ditambah panambang "-an" dadi kurang luwih tegesé "kang dithuthuk" utawa "kang ditabuh". Dadi gamelan ya iku salah sijining pakaryan nabuh kang dilakokaké wong jaman biyèn banjur dadi nama alat musik kang dionèkaké bebarengan saingga ngasilaké uni musik sing pas lan merdu.

Notasi

Gamelan Jawa 
Gamelan laras sléndro Si Ketuyung, Kraton Kasepuhan, Cirebon

Gamelan Jawa iku nduwé nada-nada péntatonis. Gamelan Jawa iku duwé 2 laras ya iku:

  • Laras Sléndro kang duwé urutan nada-nada 1 2 3 5 6 1
  • Laras Pélog kang duwé urutan nada-nada' 1 2 3 4 5 6 7

Aturan

Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan kang wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa rikat-rendheté laku kang wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning pérangan-pérangan kang saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé;

  • Wong kang nuntun swara ya iku rebab
  • Wong kang nuntun irama diarani kendhang
  • Arané juru main kang nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayaga utawa wiyoga
  • Wong kang nembang priya arané wira-swara
  • Wong kang wanita arané pesindhèn utawa swarawati.

Jinis

  • Gamelan Kancil Belik
  • Gamelan Kodhok Ngorek
  • Gamelan Monggang
  • Gamelan Sekatèn
  • Gamelan klasik
  • Gamelan Gadhon
  • Gamelan Siteran
  • Gamelan Mangkunagaran
  • Gamelan Pakualaman
  • Gamelan Surakarta
  • Gamelan Yogyakarta
  • Gamelan Banyumasan

Uga delengen

Pranala njaba


Tags:

Gamelan Jawa Asal Usul Nama GamelanGamelan Jawa NotasiGamelan Jawa AturanGamelan Jawa JinisGamelan Jawa Uga delengenGamelan Jawa Pranala njabaGamelan JawaGamelanGamelan BaliJawaJawa TengahJawa WétanSulingYogyakarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Naysila MirdadSurat At TalaqParamitha Rusadyꦒꦼꦭꦠꦶꦤ꧀Alang-alangLabilKrystal JungFachri AlbarGading MartenTuvaluSepi ing Pamrih Ramé ing GawéReza ArtameviaYuyuMaman Abdurrahmanꦌꦤꦏ꧀Sandiaga UnoClaudius PtolemaeusRuwatan Rambut GimbalPanjebar SemangatKarbonWektu Universal KakoordhinasiSistem WettsteinꦄꦛꦺꦴꦏꦺMasayu AnastasiaBanserMaitreyaHimalayaꦩꦂꦏꦸꦤꦶVidi AldianoPaula VerhoevenHaverAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Li hing muiDavid BeckhamWulan GuritnoSri Mulyani IndrawatiWujud datSerundengTyson GayTembung YogyaswaraHafniumUniversitas OxfordÉjakulasiMount EverestTèknik sipilBokirDono (Warkop)Kho Ping HooTakbirGunung SalakTènes21 AprilDadar gulungIndhonésia/jvPramborsBathikRotterdamIndhiNgantru, TulungagungISBNTèknologiMalaysiaAlamRaditya DikaCitraanSurat Al IkhlashUraniumSèngSesorahLosari, Rembang, PurbalinggaUnggah-ungguh mertamuRéaksi kimiaVanilaGadho-gadhoAbimanyuKulawarga basaPawon🡆 More