Yadnya inggih punika ngandhut teges kurban suci ingkang dipunadani kanthi raos tulus ikhlas wonten ing ajaran Agama Hindhu.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Tembung punika saking Basa Sanskerta: यज्ञ (yajña) ingkang saking urat tembung Yaj, ingkang ngemu teges "memuja", ngaturaken kurban suci. Wonten ing Agama Hindhu ing Bali, wonten lima jinis Yadnya ingkang kasebat Panca Yadnya, inggih punika:
Miturut wekdal anggénipun nindakaken Yadnya, umat Hindhu ngenal kalih jinis Yadnya ingkang dipunsebut kanthi istilah:
Inggih punika Yadnya ingkang dipuntindakaken saben dinten. Tuladhanipun: Trisandya, Yadnya Sesa (Ngejot/ Saiban).
Inggih punika Yadnya ingkang dipuntindakaken ing wekdal tartamtu. Tuladhanipun: Upacara Persembahyangan Purnama Tilem, slametan, Dinten riyaya, lan sanèsipun.
Panca Marga Yadnya inggih punika minangka dhasar anggènipun nindakaken Panca Yadnya.
inggih punika sawijining kurban suci kanthi ikhlas ingkang migunakaken barang-barang ingkang dados kagunganipun dhumateng tiyang sanès ing wekdal, papan, lan alamat ingkang trep, saperlu kapentingan lan kesejahteraan sesarengan, masarakat, Nagara lan Bangsa.
Inggih punika sawijining kurban suci kanthi nglampahi tapa, minangka margi paneguhan iman anggènipun ngadhepi sadaya jinis panggoda supados gadhah ketahanan ing perjuangan gesang sarta nyukseskan sawijining cita-cita luhur.
Inggih punika sawijining kurban suci ingkang migunakaken sarana "dhiri pribadi" minangka kurbanipun (Sadhana), ingkang dipuntindakaken kanthi tulus ikhlas amargi kasurung déning raos sih-tresna ingkang tulus.
Inggih punika sawijining kurban suci kanthi cara nyawijikaken dhiri (ngeningaken cipta, rasa, lan karsa) dhumateng ngarsanipun Gusti (Sang Hyang Widhi Wasa).
Inggih punika sawijining kurban suci ingkang nyeluruh, ingkang wosipun dhasar kawruh lan kasucen.
Artikel gegayutan Hindhu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Yadnya, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.