Wong-wong Zaza (uga karan Kird, Kirmanc utawa Dimili) ya iku wong-wong ing Anatolia Wétan sing basa asliné basa Zaza. Punjering tanah wutah getihé wong Zaza, wewengkon Dersim, dumadi provinsi Tunceli, Bingöl lan péranganing provinsi Elazığ, Erzincan lan Diyarbakır.
Klompok etnis sing ngomong ing Zaza.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
1 nganti 3 yuta | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Turki Diaspora: Kira-kira. 300,000 Ostrali, Ostenrik, Bèlgia, Prancis, Jerman, Walanda, Swèdhen, Switserlan, Karajan Manunggal, Amérikah Sarékat. | |
Basa | |
Basa Zaza, Basa Turki, Basa Kurdhi | |
Agama | |
Sunni Islam, Alevisme |
Sanajan akèh ahli basa sarujuk yèn basa Zaza iku dudu sawijining dhialèk Kurdhi nanging basa swatantra kaya Gilaki, para ahli basa uga sarujuk marang kasunyatan yèn wong Zaza lan wong Kurdhi iku étnisé lan budayané gegandhèngan. Ludwig Paul uga mratèlaké yèn prakara étnokulural dadi faktor sing nemtokaké jatidhiri étnis para nutur basa Zaza. Dudutané lapuran ngélmiah ngenani wong Zaza ya iku yèn wong Zaza iku génétiké mèmper karo wong Kurdhi.
Kajian basa nuduhaké yèn wong Zaza ayaké migrasi menyang tanah wutah getihé sing saiki saka pasisir Kidul saka Laut Kaspia. Sawenèh wong Zaza nganggo tembung (Daylami) kanggo nyandra jati dhiri bangsané. Tembung Dimli (Daylami) uga nyandra wewengkon Provinsi Gilan Iran saiki. Sawenèh ahli basa nggayutaké tembung Dimli karo Daylamites ing Pagunungan Alborz sacedhaké pasisir Laut Kaspia ing Iran lan pitaya yèn para Zaza iku uwis migrasi saka Daylam tumuju pérangan Kulon. Ing wektu iki, basa Irania isih dituturaké ana ing wewengkon Kiduling Laut Kaspia (uga karan basa Kaspia), sing kalebu Sangsari, Mazanderani, Tati, Semnani, lan Talysh, sing paramasastrané lan tetembungané caket karo Zaza; bab iki nyengkuyung panemu yèn para Zazas migrasi menyang Anatolia Kidul saka wewengkon Kiduling Laut Kaspia.
Zazaki ayaké asal mulané saka Iran Lor, saka wewengkon historis "Deylamān" ana ing Laut Kaspia, ing provinsi saiki ya iku Gīlān. Ing wektu iki basa Irania isih dituturaké ana kana (uga karan dhialèk Kaspia) kaya déné Sangsarī, Māzandarānī, Tātī (Herzendī), Semnānī, Tāleshī sing miturut paramasastrané luwih caket karo Zazaki tinimbang basa Kurdhi. Saliyané basa Balochi sing dicaturaké ing Balochistan, basa Gōrānī sing dicaturaké ing papan-papan kapecil ing Iran lan Mésopotamia duwé gegandhèngan linguistik sing caket karo basa Zazaki.
Tetélan kawitan sing katulis abasa Zaza diimpun déning ahli basa Peter Lerch ing taun 1850. Suwalapatra liyané cacah loro ya iku seratan ngenani bab agama (Mewlıd) saka Ehmedê Xasi ing 1899, lan saka Usman Efendiyo Babıc (dibabar ing Damaskus ing taun 1933); karya cacah loro iki ditulis migunakaké aksara Arab. Negara pérangan sing nduwé TRT Kurdî nyiaraké acara tivi abasa Zaza.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wong Zaza, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.