Wong Kurdhi ing Kanadha ngrujuk marang wong asli Kurdhi utawa katurunan Kurdhi sing dedunung ana ing Kanadha.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
11,685 (sènsus 2011) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Toronto, Montreal, Vancouver, Calgary, Edmonton | |
Basa | |
Basa Kurdhi, Basa Inggris Kanadha, Basa Perancis Kanadha, (uga bisa Basa Turki, Basa Arab, Basa Pèrsi lan Basa Syriac) | |
Agama | |
Islam (mayoritas Islam Sunni, minoritas Alevi), Yasidhisme, Zoroastrianisme (Dersim Alevi), lan ana sawenèh sing ngrasukYarsan, Wong Shabak lan Wong Kristen Kurdhi | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Iran (Wong Yasidhi, Wong Zaza) |
Wong Kurdhi ing Kanadha cacahé ana 11.685 wong miturut Sènsus Kanadha ing taun 2011, lan akèh-akèhé dumadi wong Kurdhi saka Irak, ngluwihi cacahé wong Kurdhi saka Turki, saka Iran, lan saka Suriah.
Ing Kanadha, imigrasi wong-wong Kurdhi iki amarga anané Perang Iran-Irak, Perang Teluk lan Perang Sipil Suriah. Amarga iku, akèh wong Kurdhi saka Irak sing ngalih menyang Kanadha marga anané perang sing ora rampung-rampung lan panindhesan wong Kurdhi lan wong Shiite dening pamaréntah Irak.
Kaya wong-wong Kanadha sing asalé saka Asia Kulon, wong Kurdhi ing Kanadha sacara resmi diwedharaké minangka visible minority, tanpa ngélingi rupané.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wong Kurdhi ing Kanadha, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.