Wong Yasidhi: Golongan étno-relijiyus

Wong Yasidhi miturut ètnisé iku golongan wong Kurdhi kang rélijiyus utawa golongan étnorélijiyus minangka pribumi ing Mésopotamiya Lor.

Yasidhinisme mono ajaran agama kuna kang keket nglakoni éndhogami. Yasidhinisme ora ana gegayutané karo Zoroastrianisme, nanging ana gegayutané karo agama-agama Mésopotamia kuna. Sanajan wong Yasidhi iku saka ètnisé kagolong wong Kurdhi, nanging Yasidhi iku golongan rélijiyus kang swatantra tur séjé mawa budayané dhéwé kang ngijèni. Wong Yasidhi akèh-akèhé padha dedunung ana ing Provinsi Niniwé ing Irak. Golongan-golongané uga ana sumebar ing Arménia, Géorgia, Turki, Iran, lan Suriah. Cacah jiwaning wong Yasidhi ing tanah wutah getihé wis mrosot awit taun 1990-an jalaran saka ananing migrasi kang gedhé menyang Éropah, mligi Jerman.

Wong Yasidhi: Golongan étno-relijiyus
Gendéra tan resmi kang dinggo golongan Yasidhi

Wong Yasidhi iku monotéis, pitaya marang Gusti minangka kang nyipta donya. Donya iku nuli dipasrahaké marang pitung makluk kudus utawa malaékat, dipandhégani Tawûsê Melek utawa Malékat Manyura, saperlu dirumat. Malaékat Manyura, minangka cakrawarti, iki kang njalari tumindak becik lan ala dadi tanggunané saben manungsa. Sipaté kang ora ajeg iku kagambar ing carita mitos nalika dhèwèké dilentharaké Gusti, kang njalari dhèwèké mertobat lan nuli manunggal karo Gusti.

Kapitayan iki dhedhasar rèflèksi mistik Sufisme marang Iblis, kang mbaléla sujud marang Adam masiya Gusti kang mréntahaké. Krana gegayutan karo tradhisi Iblis ing Sufisme, sawenèh umat agama monotéis ing wewengkon kana madhakaké Malaékat Manyura karo Sétan minangka roh ala kang mbaléla ing kapitayané. Panemu iki kang banjur nggegasah tumidak panyiya-nyiya tumrap wong Yasidhi kang dianggep "para muja iblis". Tumindak panyiya-nyiya tumrap wong Yasidhi terus kadadéan sanajan ing tanah wutah getihé dhéwé ing njeron wewengkon Irak modhéren kang kabawah para révolusionèr Muslim Sunni fundhamèntalis.

Kawiwitan kala Agustus 2014, wong Yasidhi dadi inceraning Nagara Islam kang ngupadi "ngresiki" Irak lan nagara-nagara ing saubengé saka pangaribawa tan-Sunni lan tan-Islam.

Ètnisitas

Ing Arménia, wong Yasidhi dianggep golongan ètnis kang mirunggan lan lumrahé ora nganggep dhèwèké sagolongan karo wong Kurdhi. Pasarékatan Bangsa-Bangsa ngakoni yèn wong Yasidhi mono golongan ètnis kang mirunggan. Miturut Human Rights Watch ing 2009, wong Yasidhi ngalami Kurdhifikasi.

Rujukan

Tags:

ArméniaMesopotamiaPribumiWong Kurdhi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SamsungButa TérongISO 3166-1Julius CaesarMartin LutherRuwatanVolansArimbiPanambangEmma WatsonCarita Aji SakaAsem lemakGigi (Grup Musik)ꦝꦩ꧀ꦝꦩꦤ꧀PecelTauhidBabatPangantènan adat JawaVladimir LeninHabib RizieqPitulungSurat Adh DhuhaIvar JennerWikisourceZeusTembung ancer-ancerNikelUniversitas Pertahanan IndonésiaTahu gimbalBatulicin, Tanah BumbuSekatènꦧꦺꦤ꧀ꦠꦺꦔꦤ꧀Gunung KawiSurat Al BaqarahDurmaJason StathamTembung panyeruYenny RachmanHarmonikaTembung sesulihOmah JogloGetihWadonAyam gorèngDeddy MizwarMahabharataMekahSaus jamurSwami VivekanandaYurike PrastikaPaculBasa Malayu ManadoꦪꦺꦴꦪꦺꦴBasa ngokoJaran képangKabupatèn BombanaBaksoGeni.comRamaGendèrBatmanAlengkaMichelle BranchMaricaKempulStar WarsJonny EvansCiputraTemulawakSugriwaGFDLBaworPrabu Matswapati🡆 More