Wong Kurdhi Ing Suriah

Wong Kurdhi ing Suriah iku ngrujuk marang wong-wong katurunan Kurdhi sing lair, utawa sing ndunungi wewengkon ing Suriah. Miturut akèh sumber, wong Kurdhi iku minangka ètnis minoritas sing gedhé dhéwé ing Suriah, kanthi gugung cacah jiwané udakara 7% lan 10% saka gunggung kabèh padunung Suriah.

Wong Kurdhi ing Suriah wis kerep ngadhepi dhiskriminasi lan tumindak ala déning pamaréntah.

Wong Kurdhi Ing Suriah
Peta Suriah kanthi wewengkon sig didunungi wong Kurdhi awerna jambon, ing taun 1976

"Kurdhistan Suriah" (Kurdish: Kurdistana Sûriyê) iku jeneng ora resmi sing digunakake déning sawenèh wong kanggo ngrujuk marang wewengkon lor lan lor-wétané Suriah sing didunungi déning wong Kurdhi. Wewengkon pérangan lor-wétan sing didunungi déning wong Kurdhi nyrambahi pérangan Kagubernuran Hasakah. Kutha-kutha Kutha-kutha sing utama ing wilayah iki ya iku Qamishli (Qamishlo) lan Al-Hasakah. Wewengkon liyané kanthi cacahé wong Kurdhi kang cukup akèh ya iku Kobanî (resminé dikenal minangka Ayn al-Arab) ing sisih loré Suriah cedhak kutha Jarabulus lan uga kutha Afrin karo sakupengé kutha kasebut ing sadawaning tapal watesé Turki.

Akeh wong Kurdhi sing ngupadi saperlu mujudaké pulitik otonom kanggoné wewengkon Kurdhi ing Suriah, kaya sing ana ing Kurdhistan Irak, utawa hak dadi pérangan saka Kurdhistan sing swatantra. Jeneng Rojava (Kurdish: Rojavayê Kurdistanê) uga digunakaké déning sawenèh wong Kurdhi kanggo ngrujuk marang wewengkon magepokan, sing didunungi déning wong Kurdhi ing Suriah.

Démografi

Wong Kurdhi iku minangka minoritas ètnis sing paling gedhé ing Suriah, lan udakara 7 nganti 10 persèn saka cacah jiwa ing Suriah,ing taun 2011— utawa udakara 1,6 nganti 2,5 yuta wong. Populasiné wong Kurdhi ing Suriah kagolong sithik yèn dibandhingaké karo populasiné wong Kurdhi ing nagara-nagara sacedhaké, kaya ta Turki (14,4 - 16 yuta), Iran (7,9 yuta), lan Irak (4,7 - 6.2 yuta). mayoritas wong Kurdhi ing Suriah nuturaké basa Kurdhi kanthi dhialèk Kurmanji, ya iku dhialèk sing dituturaké ing Turki, lan pérangan lor-wetané Irak lan Iran.

Géografi

Wong Kurdhi lumrahé manggon ana ing wewengkon géo-budaya ing pérangan lor-wétané Suriah. Wewengkon iki nyrambahi pérangan gedhéné Kagubernuran Al-Hasakah, (biyèné provinsi Jazira), Wewengkon sing uga didunungi déning wong Armèni, wong Aram, lan wong Suryani. Kutha-kutha sing utama ing wewengkon iki ya iku Qamishli lan Hasakah. Wewengkon liyané kanthi cacahé wong Kurdhi sing cukup akèh ya iku Kobanê (Ayn al-Arab) ing sisih loré Suriah cedhak kutha Jarabulus. Pérangan Suriah sisih lor lan lor-wétan sing didunungi déning wong Kurdhi ajejuluk "Kurdistana Binxetê" ing basa Kurdhi. Sawijining wewengkon punjering populasi Kurdhi ya iku Kurd Dagh (Pagunungan Kurdhi) ing sisih lor-kulon, ing sacedhaké kutha Afrin ing Kagubernuran Aleppo, wilayah sing ambané nyrambahi sawenèh dhistrik ing Turki  ing dhistrik Islahiye lan Kırıkhan. Akèh wong Kurdhi sing uga ndunungi kutha-kutha gedhé lan wewengkon métropolitan, contoné ing pomahan Rukn al-Din ing Damsyik kang biyèné dikenal minangka Hayy al Akrad (Kurdish Quarter), lan pomahan Aleppo, Syekh Maqsood.

Uga delengen

Rujukan

Tags:

Wong Kurdhi Ing Suriah DémografiWong Kurdhi Ing Suriah GéografiWong Kurdhi Ing Suriah Uga delengenWong Kurdhi Ing Suriah RujukanWong Kurdhi Ing Suriah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Mary Morrissey (Panulis)606IwakGong1922MicrosoftBasaInggrisThiwulMusikLukisan lengaPaus Innosentius IVSpanyol1989RambakSepasaran64Cari Aku di CantiPangidhèntifikasi Obyèk DigitalTegesé Aksara JawaSikil81Cublak-cublak suwengAlginatGolfArief Yudi Rahman1945TurkiUyon-uyonBlogTalmudDrupadiWikibooks1999KendhangZinédine Zidane1898PrajuritBanyuJazzTembung sesulihPiranti gamelan JawaKopiSajarah perkomputeran1844KolombiaMoldhophaBendiKagunanBasa JawaDublinSeni rupa IslamAmanita muscariaOmanBonangPapaDisney ChannelDRomaJeneng ing Kraton NgayogyakartaSoedirmanYovie And The Nuno5 OktoberDen HaagCrita rakyat IndonésiaRuwatanRuslanMyanmarSurat Al 'Alaq41ParisALemèt🡆 More