Tuwuhing Wikipedia dudu mung kasil saka sengkudé para naraguna kang wis suwé dadi anggota, nanging kerep uga déning kontribusi saka para naraguna anyar tanpa akun, kang wiwitané mung awit saka kepéngin weruh.
Wiwitané kita kabèh ya tau dadi naraguna anyar, malahan klebu kang ati-ati utawa beja marga bisa ngéndhani kasalahan umum kang biasa dialami déning naraguna anyar. Akèh naraguna kang malahan tetep ngrasa dadi naraguna anyar sawisé mataun-taun mèlu nyengkuyung kanthi mènèhi kontribusi.
Saben kontributor anyar minangka calon anggota kang potensial, kanthi mangkono minangka sumber daya kang paling aji. Kita kudu mènèhi bimbingan kanthi alus lan sabar, sikap élitis lan memusuhan kuwi sikap kang bakal medèni lan ngusir para naraguna anyar mau. Nalika sabagéan naraguna anyar langsung mangertèni kaidah kang lumaku (saéngga ora angèl diajari), nanging liyané manawa isih wuta bab apa aktivitas kang kita ayahi ing Wiki Basa Jawa.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wikipédia:Tulung naraguna anyar aja diwedèn-wedèni, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.