Kaca iki minangka jujugan tumrap panjenengan kang arep nglarasaké éjaan ing sawijining artikel.
Éjaan basa Jawa kapérang telu manut aksarané, ya iku éjaan Carakan, éjaan Latin, lan éjaan Pégon. Ing kéné, mligi karembug éjaan Latin basa Jawa.
Basa Jawa dumadi saka manéka warna dhialèk. Dhialèk-dhialèké awujud basa guneman kang béda-béda ing panggonan siji lan liyané. Contoné, carané wong Jawa Sérang (Banten) guneman béda karo carané wong Jawa Banyuwangi (Jawa Wétan) guneman. Caraning panulis basa Jawa uga ora bisa séjé-séjé antarané wong siji lan liyané. Murih padhané, éjaan kaanakaké.
Éjaan baku kang pungkasan kababar ing buku pandom éjaan taun 2006 kang asesirah Pedoman Umum: Ejaan Bahasa Jawa Huruf Latin yang Disempurnakan. Kanthi tinandhatanganan telung gubernur saka Ngayogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Wétan, éjaan 2006 nganyari lan nggantèni éjaan-éjaan baku sadurungé. Pangecaké éjaan iki mligi ing wewengkon telu mau, sanajan uga bisa kanggo ing njabané. Kaya éjaan baku adaté ing saben basa, éjaan iki ingaran éjaan kang ancasé nunggalaké caraning panulis basa Jawa saka sadhengah papan. Contoné, ingajab tulisaning basa Jawa wong Malang isih bisa dingertèni wong Brebes, utawa kosokwaliké. Amarga iku, éjaan iki mligi kanggo ing basa tulisan lan bokmanawa ora mèmper basa guneman. Wikipédia nganggo éjaan iki tumraping artikel-artikal kaprahé.
Kanggo nulisaké dhialèk Tegal, pandomé ya iku Kamus Bahasa Jawa Tegal-Indonesia (2017) kang dibabar Balai Bahasa Jawa Tengah. Cak-cakané éjaan iki mligi ing wewengkon Kabupatèn lan Kutha Tegal. Mungguhing Wikipédia, artikel-artikel kang prayogané nganggo éjaan Tegal ya iku samubarang artikel kang gegayutan karo Tegal lan kiwa-tengené (Brebes lan sapérangan Pemalang). Contoné ya iku artikel Enthus Susmono.
Kanggo nulisaké dhialèk Cerbon-Dermayu, éjaan kang kalumrah iku kaya kang kanggo ing kalawarta-kalawarta lan buku-buku pasionaon basa Cerbon-Dermayu. Bédané saka éjaan baku, éjaan Cerbon-Dermayu ora nganggo fonem /dh/ lan /th/ (kaganti /d/ lan /t/), ora nganggo taling \è\ (kaganti /é/), lan ora mahyakaké fonem /h/ sawisé swara (vokal) ing pungkasaning tembung.
Pangecaké éjaan iki mligi ing wewengkon Kabupatèn Indramayu, lan Kabupatèn lan Kutha Cirebon. Mungguhing Wikipédia, artikel-artikel kang gegayutan Cirebon lan Indramayu prayogané katulis nganggo éjaan iki. Contoné ya iku artikel Kréta Singa Barong.
Artikel kang nganggo éjaan Cerbon-Dermayu kudu diwènèhi cithakan {{Jawa Cerbon-Dermayu}} ing parembugané artikel. Contoné ana ing kaca Parembugan:Kréta Singa Barong. Kanthi mangkono, kabèh artikel kang nganggo éjaan Jawa Cerbon-Dermayu bakal kalumpuk ing kategori kang padha, ya iku Kategori:Artikel kang nganggo cara Jawa Cerbon-Dermayu.
Baku | a | b | c | d | dh | e | é | è | g | h | i | j | k | l | m | n | ng | ny | o | p | r | s | t | th | u | w | y |
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Tegal | a | b | c | d | dh | e | é | è | g | h | i | j | k | l | m | n | ng | ny | o | p | r | s | t | th | u | w | y |
Cerbon-Dermayu | a | b | c | d | e | é | g | h | i | j | k | l | m | n | ng | ny | o | p | r | s | t | u | w | y |
Ing bandhingan iki, namung tembung-tembung ing tataran ngoko baé kang kabandhingaké amarga tembung-tembung krama lan krama inggil mligi ana ing basa Jawa baku.
Baku | Tegal | Cerbon-Dermayu |
---|---|---|
wedi | wedi | wedi |
wedhi | wedhi | wedi |
gawé | gawé | gawé |
kacèk | kacèk | kacék |
bocah | bocah | boca |
pitik | pitik | pitik |
sithik | sithik | sitik |
tuwa | tuwa | tua |
njupukaké | njukutna njukutena | njukutaken njukutnang njukutenang |
nggawakaké | nggawakena nggawakna | nggawakaken nggawaknang nggawakenang |
kaliné | kaliné | kalié kaliné |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wikipédia:Éjaan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.