Universitas Al-Azhar (diucapkan AZ-har), Arab: جامعة الأزهر الشريف; Al-ʾAzhar al-Šyarīf, Al-Azhar Mulia), ya iku salah sawijining punjer pendidikan sastra Arab lan pengkajian Islam Sunni ing donya lan wujud universitas kang mènèhi gelar tuwa dhéwé nomer 2 ing donya Universitas iki duwè gayutan karomasjid Al-Azhar ing wewengkon Kairo Kuno.
Universitas Al-Azhar جامعة الأزهر Jami'at Al-ʾAzhar al-Šyarīf | |
---|---|
60px Masjid Al-Azhar di Kairo Mesir | |
Diadegaké | 970~972 M |
Jenis | Publik, Pengkajian Islam |
Afiliasi | Islam |
Rektor | Prof. DR. Ahmed El-Husaini |
Kampus | Urban |
Lokasi | Kairo, Mesir |
Situs web | official website |
Mula bukané universitas iki diyasa déning Bani Fatimiyah kang nganut madahab Singah Ismailiyah, lan sebutan Al-Azhar njupuk saka jeneng Sayyidah Fatimah az-Zahra, putri Muhammad. Masjid iki diyasa sakiwa-tengené taun 970~972. Pelajaran dimulai ing Al-Azhar nalikaRamadan Oktober 975, nalika ketua Mahkamah Agung Abul Hasan Ali bin Al-Nu'man wiwit ngajar saka buku "Al-Ikhtisar" kanthi topik yurisprudensi Singah. Madrasah, papan pendidikan agama, kang kahubung karo masjid iki diyasa ing taun 988. Nanging salajengé papan iki dadi sekolah kanggo kaum Sunni sakiwa-tengenéabad pertengahan, lan terus dipiaranganti jaman iki.
Nalika iki, misi universitas ya iku nyebaraké agama lan budaya Islam. Kanthi tujuan iki, para sarjana Islam (ulama) ngeluaraké maklumat (fatwa) kanggo njawab akèhing masalahkang ditakokaké menyang sarjana-sarjana iku saka sadonya Islam Sunni, kanthi topik perilaku individu utawa masarakat muslim kang tepat (tuladhané fatwa kaya ta klarifikasi lan pelarangan marang pemotongan piranti kelamin perempuan). Al-Azhar uga nglatih pedakwah kang ditunjuk déning pamaréntah Mesir.
Kapustakan Al-Azhar dianggap nomer 2 paling wigati ing Mesir sakwus éKapustakan dan Arsip Nasional Mesir. Al-Azhar kang duwé mitra ITEP, sawijining perusahaan tèknologi informasi Dubai, ing bulan Mèi 2005 ngluncuraké Proyek YM Sheikh Mohammed bin Rashid Al Maktoum kanggo nglestariaké lan mpublikasiaké Naskah Al-Azhar kanthi Online ("Proyek Al-Azhar Online"); kanthi nggawa misi kanggo mènèhi aksès online kanggo masarakat déning kabèhing koleksi manuskrip langka (ana sakiwa-tengené 7 yuta halaman) kang duwé pabukon Al-Azhar.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Al-Azhar University. |
31°15′45″E / 30.04583°N 31.26250°E
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Universitas Al Azhar, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.