Cithakan:Otheruses3
Masjid Agung Al-Azhar | |
---|---|
Informasi umum | |
Prenah | Jakarta Kidul, DKI Jakarta, Indonésia |
Afiliasi agama | Islam |
Deskripsi arsitektur | |
Jinis arsitèktur | Masjid |
Yasa pratama simbulis | 43.755 M2 |
Taun rampung | 1958 |
Masjid Agung Al-Azhar iku masjid sing dumunung ing komplèks sekolah Al-Azhar, Kebayoran Baru, Jakarta Kidul. Masjid iki dikukuhaké déning Pemda DKI Jakarta minangka salah siji saka 18 situs tapak sajarah perkembangan kutha Jakarta. Saliyané iku, masjid iki didadèkaké cagar budaya nasional wiwit tanggal 19 Agustus 1993. Komplèk masjid iki uga duwé siji universitas ing jeroné yaiku Universitas Al Azhar Indonésia.
Masjid iki diadegaké saka usaha 14 tokoh Masyumi supaya nduwé masjid utama ing kawasan Kebayoran Baru. Saka anjuran Mr Syamsudin, Mantri Sosial RI rikala semana, para tokoh mau banjur ngadegaké Yayasan Pendidikan Islam (YPI), ing tanggal 7 April 1952. Yayasan mau ing tanggal 19 November 1953 wiwit ngadegaké sawijining masjid ing tlatah sing jembaré 43.755 mèter2. Wekasané ing taun 1958, masjid iki rampung dibangun lan diresmèkaké kanthi jeneng Masjid Agung Kebayoran.
Ing era 1960-an, rèktor Universitas Al-Azhar Kairo, Mesir, Prof. Dr. Mahmud Shaltut mènèhi sesorah terbuka ing masjid iki lan éram banget marang kamégahan masjid iki.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Masjid Agung Al-Azhar, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.