Timlo: ya iku olah-olahan arupa sop saka Surakarta, Jawa Tengah, Indonesia

Timlo utawa Kimlo ya iku salah sawijining panganan saka kutha Surakarta.

Panganan iki radha mirip karo sop ananging wosè luwih akèh. Racaké Timlo iki didol ing warung sing uga adol selat, sop, soto lan gadho-gadho amarga isih ana gandhèng cènèngé. Timlo iki disajèkaké ing mangkok mawa isih panas.

Timlo
Timlo: Cara ngolah, Pranala njaba
Praupanè timlo
AjanganMangan pambuka
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaSurakarta, Jawa Tengah
Hawa ajanganPanas
Woworan pokokIwak pitik, Jamur, Markuni, Janganan, Endhog, Mihun
Timlo: Cara ngolah, Pranala njaba Buku masakan: Timlo  Timlo: Cara ngolah, Pranala njaba Médhia: Timlo

Cara ngolah

Nggawè timlo ora pati angèl, ananging tetep mbutuhaké kasabaran.

Piranti sing dicepakaké:

  • Markuni
  • Wortel
  • Bihun
  • Kembang tahu putih
  • Jamur kuping
  • Sosis sala 2 wiji
  • Iwak pitik
  • Endhog godhog
  • Brambang gorèng
  • Duduh sop sing isih panas
Timlo: Cara ngolah, Pranala njaba 
Bakul timlo

Cara nggawè

  1. Godhog wortel, bihun, markuni, kembang tahu, jamur ing banyu umub kurang luwih 10 menit.
  2. Entas lan wènèhaké mangkok.
  3. Iris sosis sala lan tata ing dhuwuré.
  4. Tambahi iwak pitik lan endhog godhog.
  5. Suntak duduh sop ing mangkok.
  6. Kepyuri bawang gorèng ing dhuwuré.
  7. Timlo bisa dipangan.

Pranala njaba

Resèp masak timlo

Videyo masak timlo

Tags:

Timlo Cara ngolahTimlo Pranala njabaTimloKutha Surakarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

IjmaRéyogWarangganaEgy Maulana Vikriꦱ꧀ꦮꦫAburizal BakrieSunita WilliamsAmbal warsaJawaGajah gajahSurat At TaubahWayang kulitAndre TaulanyMinato, TokyoGaya asuPâtisserieAmérika LatinSpongeBob SquarePantsPutihCristiano RonaldoDéwa RuciꦧꦸꦥꦠꦶShayne PattynamaLuhut Binsar PanjaitanKetéla pohungSiterVeganismeJun Ji HyunAremaIvar JennerKabiskopan Romaꦧꦭꦸꦔꦤ꧀Star WarsSlenthoPumoriCyanobacteriaHypertext markup languageDian Sastrowardoyoꦊꦥꦼꦠ꧀Purwakanthiꦄꦭꦺꦴꦏ꧀AntimonElektronikaRobin WilliamsꦒꦼꦫꦺꦴꦁBismaHagia SophiaTransistorKacerdhasan gawéyanJesse JamesÉjaan Basa Jawaꦱꦼꦱꦗꦺꦤ꧀GajahAriana GrandeSitrusBipasha BasuDramaTembung sarojaBasa Jawa MataramanDurmaWangsa SyailéndraKabupatèn DemakGoogleSurat Ali ImranꦗꦤꦸꦂToby AlderweireldTugu PahlawanJay Idzes🡆 More