Sruti Respati

Sruti Respati (lair ing Sala, Jawa Tengah, 26 Sèptèmber 1980; umur 43 taun) ya iku salah sijiné penyanyi keroncong saka Surakarta, Jawa Tengah, Indonesia.

Awit taksih remaja, Sruti wis cedhak karo donyané seni, mligi tembang-tembang Jawa. Nanging jenengé kawentar uga minangka pambiwara utawa presenter pawarta ing televisi lokal, pagelaran-pagelaran musik keroncong, uga adicara pahargyan festival.

Riwayat

Sruti Respati lair ing Surakarta (Sala), Jawa Tengah, tanggal 26 September 1980. Awit esih remaja wis cedhak karo donyane kesenian. Ana ing pribadiné, mili getih seni saka sakloron wong tuwané. Ramané ya iku dhalang wayang kulit lan ibuné ya iku juru beksa. Kaprigelan ing babagan seni uga mili tumrap sadulur kuwaloné, Endah Laras kang uga nelateni nembang lan pedhalangan. Sruti Respati miwiti karier minangka penyanyi, nalika asring disuwun nyanyi ana ing pengetan dina ulang tauné Kamardikan Republik Indonesia, mbeksa beksan Jawa, lan beksan balet. Kapercayan tumrap awaké dhéwé tambah gedhé nalika nerusaké sekolah ana ing pawiyatan luhur Jurusan Basa lan Sastra Jawa Universitas Sebelas Maret Surakarta (UNS). Ing pawiyatané, dhèwèké mèlu saperang unit kagiyatan mahasiswa ing babagan kesenian antarané ya iku nyanyi, nari, lan pagelaran teater. Lan awit saka kuwi, lair pakaryan-pakaryan kréatif. Sawisé ngrampungké pawiyatan ing Universitas Sebelas Maret (UNS) Surakarta taun 2007, dhèwèké nampa pakaryan minangka pambiwara utawa presenter pawarta ing televisi daérah kaya ta Jawa TrangSandykala, Kabar Awan, Kabar Wengi ing TATV, Kutha Surakarta. Miwiti pagelaran ing sapérang adicara seni lan pagelaran drama, ketoprak lan modern. Jenengé saya kawentar awit dhèwèké asring katon ing televisi swasta ing Indonesia. Suarané kang merak ati lan sadhuwuré rata-rata agawe Sruti Respati minangka pawongan kang gampang dikenali déning para pamirsa televisi. Sruti uga asring diundang nyanyi ing saperang adicara pangaji. Nanging, saliyané nelateni donya seni, Sruti Respati kacathet minangka pegawé nagari sipil ing Dinas Kabudayan lan Pariwisata Kutha Surakarta, uga dadi pelatih nyanyi ing studio Erwin Gutawa Orchestra.

Uga delengen

  • Anugerah Musik Indonesia 2012
  • Anugerah Musik Indonesia 2013
  • Puteri Indonesia 2015
  • Jakarta International Java Jazz Festival
  • The Best of Kangen Band
  • Putra Putri Batik Nusantara 2013

Rujukan

Tags:

198026 SèptèmberIndonesiaJawa TengahPenyanyiSalaSurakarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DohaIwakMalik bin AnasSikil1959Tudhung klitorisKerata basa22GiyarswaraPiala Donya U-20 FIFAGuamBale Sigala-galaMatématikaStatistikaTugu YogyakartaSandhiwaraKulawarga1970Gugon tuhonMassa jenisZona ÉuroThomas MannBasa PortugisMarie AntoinetteJuniSiraman53FacebookIranMississippiBismaKuwé lapisInggrisMaliYuri GagarinWikipédia81GolfAbad1989YoniKedhokteranTransponderSegara AegeaPictorTélégrafFebruari 2012Utah20James CookTemulawakArmèniWangsa QingKali NilPerang Sadulur AmérikaAténa2023Mandhat Inggris ing PalestinaXenarthraPsikopat63KendhangSurat Al FathSeni rupa IslamWangsiFilem ilangIndhi9Cathetan padinan98Edinburgh🡆 More