Romulus Augustus (463-476), dikenal uga kanthi jeneng Romulus Augustulus (Augustus Kecil).
Romulus Agustus iku Kaisar Romawi Barat terakir kang nyekel kakuwasaan wiwit tanggal 31 Oktober 475. Romulus Augustus nyekel kakuwasaan nalika umuré isih 12 taun nganti nalika Romulus dibuwang tanggal 4 September 476. Nalika Romulus Augustus diasingaké kamaharajan Romawi Barat, keruntuhan karajan romawi kuna ambruk lan dadi tanda Zaman Pertengahan wiwit ngadeg ing Éropah Barat. Romulus Augustus mung sepuluh sasi nyekel kakuwasaan awit sawisé iku, Romulus Augustus disingkiraké karo Odoacer, pemimpin bangsa Jerman Kuno.
Romulus Augustulus duwé jeneng dawa Flavius Momyllus Romulus Augustulus. Romulus iku anak saka Orestes. Orestes iku pemimpin bala ing Karajan Romawi barat. Jeneng asliné Romulus Agustus ya iku Augustus nanging wis diganti wiwit cilik amarga nalika isih cilik, bapaké wis mèlu Kaisar Julius Nepos saka Italia. Kurang luwih 12 sasi Orestes mimpin Italia nanging para pasukané banjur nglawan lan milih pemimpin dhéwé kang jenengé Odoacer. Odoacer banjur dadi pemimpin prajurit Jerman, Pasukan Odoacer bisa dicekel Orestes nalika 28 Agustus, 476. Romulus bisa slamet saka prastawa iki lan manggon ing Campania, salah sijiné tlatah ing kidul Italia.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Romulus Augustus, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.