Rieke Diah Pitaloka

Rieke Diah Pitaloka Intan Permatasari (lair ing Garut, Jawa Barat, 8 Januari 1974; umur 50 taun) iku sawijiné penulis buku, presenter, juru main sinétron Indonesia, lan aktivis pulitik.

Rieke Diah Pitaloka nikah karo dhosen filsafat Universitas Indonésia, Donny Gahral Adian nalika dina Setu, 23 Juli 2005 ing Garut, Jawa Barat..

Rieke Diah Pitaloka
Rieke Diah Pitaloka
LairRieke Diah Pitaloka Intan Permatasari
(1974-01-08) Januari 8, 1974 (umur 50)
Garut, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Politisi
Dhuwur163 cm (5 ft 4 in)
BojoDonny Gahral Adian

Pandhidhikan

Sawisé namatake pandhidhikan S1 ing Fakultas Sastra Walanda Universitas Indonésia lan S1 Filsafat STF Driyakara, Jakarta Rieke uga nerusaké pandhidhikan. Sanajan sibuk karo kagiyatané ing donyaning hiburan, Rieke bisa ngrampungaké pandhidhikan S2 ne ing jurusan Filsafat Universitas Indonésia (UI). Malah tesisé kang judhulé Banalitas Kejahatan: Aku yang tak Mengenal Diriku, Telaah Hannah Arendt Perihal Kekerasan Nagara dadi buku kang judhulé Kekerasan Nagara Menular ke Masarakat. Buku iki diterbitake karo Galang Press.

Karir

Rieke Diah Pitaloka wiwit dikenal nalika dadi bintang iklan Kondom Sutra kanthi jargon Meong. Kajaba iku dhèwèké uga dikenal nalika meranaké dadi Oneng kang "o'on" ing sinétron komedi Bajaj Bajuri. Rieke uga dikenal dadi presenter ing acara Good Morning lan nulis buku. Salah siji judhul bukune ya iku Renungan Kloset.

Saliyané sinétron, Rieke Diah Pitaloka uga main teater. Rieke mèlu pentas teater kang judhule 'Cipoa' garapan Putu Wijaya. Rieke Diah Pitaloka uga njajal kanggo akting ing layar lebar. Rieke miwiti akting ing layar lebar utawa biyoskup dadi Dwi, ya iku wong wédok kang dipoligami ing filem Berbagi Suami. Ketagihan main filem, Rieke Diah Pitaloka main ing filem antologi kang digarap déning sutradara wadon kang cacahé papat. Film iki judhulé Lotus Requiem Film iki banjur diganti judhule dadi Perempuan Punya Cerita.

Kagiyatan pulitik lan sosial

Rieke Diah Pitaloka aktif ing kagiyatan pulitik, malah tau duwé kalungguhan wakil sekretaris jendral DPP Parté Kebangkitan Bangsa (PKB) pimpinan Muhaimin Iskandar.. Rieke banjur mundur saka parté kang duwé basis Islam iki banjur nggabung ing Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI-P) pimpinan Megawati Soekarnoputri.. Dhèwèké dadi anggota DPR periode 2009 - 2014 saka PDI-P nalika Laladan Pemilihan Jawa Barat II. Rieke Diah Pitaloka uga nggawé yayasan kang jenengé "Yayasan Pitaloka". Yayasan iki kalebu yayasan ing babagan sastra lan sosial.

Cathetan suku


Tags:

Rieke Diah Pitaloka PandhidhikanRieke Diah Pitaloka KarirRieke Diah Pitaloka Kagiyatan pulitik lan sosialRieke Diah Pitaloka Cathetan sukuRieke Diah Pitaloka23197420058 JanuariBukuDhosenFilsafatGarutIndonesiaJawa BaratJuliPulitikSetuSinétronUniversitas Indonésia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WajikYuri GagarinSoedirmanCathetan padinanKajiIrakZona ÉuroIbnu Qayyim Al-JauziyyahMusiyum Radya PustakaUyon-uyon1905Angkor WatKerata basaCristina Fernández de KirchnerZinédine ZidaneFBudaSurat Al 'AlaqCumbanaWaferHMilimèterBal-balanJavaScriptTugu YogyakartaPiranti gamelan JawaSoedarpo SastrosatomoPsikopatKethoprakPétrukBorough (New York City)Peru24 NovèmberMartin SuryajayaAljabarOklahomaDen HaagBlangkonOstraliGZhou EnlaiKane WilsonSwitserlanDohaAlkitabCarpaccioChazey-sur-AinRama TambakMasjidAustralian MuseumXbox1951BukuMohammad HattaPada pangkatGaon ChartMacapatKolombiaUniversitasTrontongMarsKalimulya, Jakenan, PathiBanaadirDisney ChannelGeorg Wilhelm Friedrich Hegel15MyanmarBalèt Ramayana PrambananKalium nitratBale Sigala-galaIstanbul45GeffenPaus Innosentius IVPakistanKumbakarnaUbuntu🡆 More