Revo Arka Giri Soekatno

Revo Arka Giri Soekatno (asma peparab Revo utawa Revi; lair ing Ambon, 2 Agustus 1975; umur 48 taun) iku sing ngadegaké Wikipédia basa Indonésia (WBI).

Revo ngentèkaké mangsa cilikané kanthi pindhah-pindhah panggonan miturut panempatan makarya wong tuwané. Kaloro wong tuwané asal saka Surakarta, Jawa Tengah. Revo uga dadi paneliti, wiraswastawan, lan panulis buku.

Revo Arka Giri Soekatno
Revo Arka Giri Soekatno
Revo Arka Giri Soekatno nalika mèlu Wikimania, Alexandria, Mesir ing taun 2008.
LairRevo Arka Giri Soekatno
(1975-08-02) Agustus 2, 1975 (umur 48)
Ambon, Indonésia
BangsaIndonésia
Jeneng liyaRevi Soekatno
Alma materUniversitas Erasmus Rotterdam
Universiteit Leiden
PakaryanDosen
Wiraswastawan
Panulis
Sastrawan
Sana jaringanProfil di Facebook

Ètimologi

Jeneng Revo Arka Giri duwé makna, kaya sing dingandikakaké bapaké yèn Revo iku cekakan saka tembung révolusi, amarga dilairaké ing sasi Agustus, sawijining sasi révolusi tumraping bangsa Indonésia. Nanging tembung iki bisa uga mèmper karo tembung rêver sajeroning basa Prancis sing tegesé "ngimpi". Tembung Arka asal saka basa Sangskerta sing tegesé "geni" utawa "(panas) srengéngé". Déné Giri, sing uga asal saka basa Sangskerta, tegesé "gunung". Dadi kanthi wutuh, sang bapa ngarepaké, muga-muga Revo Arka Giri duwé impèn sing dhuwuré kaya srengéngé. sagedhé gunung lan terus murup kaya geni sing ora naté mati.

Biografi

Anyar iki Revo pinuju nyiapaké buku asesirah: Surat-surat Malayu mawa Aksara Jawa sing digadhang bakal énggal kababar.

Kiprah ing Wikipédia

Patemon pisanan karo Wikipédia Indonésia nalika tanggal 13 Maret 2003. Wektu semana Revo nuju golèk informasi ngenani suku Guanches ing Spanyol lan banjur nemu sawijining situs sing wektu iku isih kagolong "èlèk" lan "kurang pepak informasiné". Revo nuli mangertèni yèn nyatané situs mau bisa dibesut déning sapa waé, lan sabanjuré wiwit mènèhi kontribusi ing situs iku. Revo banjur diangkat dadi panata lan birokrat pisanan ing Wikipédia abasa Indonésia ing sasi Fèbruari 2004. Ing taun 2004 Revo wis dadi narasumber lan kanthi aktif njurung médhia ngenani Wikipédia Basa Indonésia kanthi umum lan ing lingkup Wikipédia basa Indonésia iku dhéwé. Artikel pisanan sing digawé ya iku ngenani filsafat. Sajeroning artikel Tempo Revo njlèntrèhaké yèn sanadyan kabèh wong bisa mènèhi kontribusi apa waé, Wikipédia isih ngupaya dadi ensiklopedia bébas, sanadyan ana vandalisme lumrahé ora suwé amarga bisa didetèksi sapa waé naraguna liyané. Ing taun 2007, Revo wis diwawancarai déning Chic Magazine (kalawarti wanita), lan sajeroning wawancara iki Revo nyurung supaya luwih akèh wanita mèlu nulis ing Wikipédia. Revo uga naté tampil ing sawijining acara Metro TV minangka kontributor aktif Wikipédia basa Indonésia. Panjenengané uga dadi pambuka acara sajeroning seminar Wikipédia, salah sijiné ya iku sing disponsori déning Kamentrian Komunikasi lan Informasi sajeroning ICT Award 2007, ing ngendi para peserta nampa "pelatihan tangan" ngenani cara mbesut lan nulis ing Wikipédia. Sajeroning sawiji wawancara karo kantor berita Antara, Revo nyatakaké yèn tantangan tumrap Wikipédia basa Indonésia ing mangsa ngarep ya iku babagan akurasi informasi. Wikipédia basa Indonésia ing taun 2006 wis ana ing peringkat katelu ing Asia minangka versi lokal Wikipédia sing paling rikat tuwuh ngrembaka sawisé Jepang lan Cina.

Cathétan sikil

Uga delengen

Pranala njaba

Tags:

Revo Arka Giri Soekatno ÈtimologiRevo Arka Giri Soekatno BiografiRevo Arka Giri Soekatno Kiprah ing WikipédiaRevo Arka Giri Soekatno Cathétan sikilRevo Arka Giri Soekatno Uga delengenRevo Arka Giri Soekatno Pranala njabaRevo Arka Giri Soekatno19752 AgustusBukuJawa TengahKutha AmbonKutha SurakartaPanulisWikipédia basa Indonésia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MahabharataKebo ilang, tombok kandhangBale Sigala-galaGirisaSepasaranDewan Perwakilan Rakyat DaerahRujak CingurManuel RoxasSatéHiraganaHak ciptaBabad Tanah JawiWesiCitilinkBaladéwa1984Garang asemWikisumberPerang Donya IIMicrosoft WindowsDaérah IstiméwaZhang ZiyiGemblongSailor MoonYin lan YangWikinews1600Wilhelmina saka WalandaMikro-organismeBenazir BhuttoꦒꦸꦭꦶꦁHentaiLangitNarkobaSurat Adh DhuhaMat SolarUBlock OriginAK-47Tembung YogyaswaraKarbonAlisCepu, Blora30 Seconds to MarsSoerjadi SoerjadarmaSuthilFakhri Semekot2020-anRamayanaLuhut Binsar PanjaitanLos AngelesSlankGading MartenPramoedya Ananta ToerWajikWidi WidajatUkara gothangGajahCumbana payudaraHirohitoBaksoPada pangkatIwan FalsOtolaringologiHabib Muhammad Luthfi bin YahyaBrigadePatih SuwandaRerengganPanganan saka Jawa TengahSepongSurat At TalaqSunan AmpèlPariwara🡆 More