Psikokinesis (saka basa Yunani ψυχή, psyche, artiné pikiran, jiwa, ati, utawa napas; lan κίνησις, kinesis, brarti obah, obahan; barès pikiran-obahan), ya iku kamampuan manipulasi objek fisik namung modal pikiran.
Objek iku bisa kaya ta bandha utawa awak dimanipulasi saka jarak kang adoh. Salah sijiné dhapuré ya iku psikokinetik metal-bending, yakuuwi efek psikokinetik marang bandha-bandha logam kaya ta kunci, sendok, peso utawa sajinisé.
Meski lumrahé fenomena psikokinesis iki sadurungé wis direncanakaké. Nanging ana uga fenomena psikokinesis kang kadadian tanpa siyap-siyap. Miturut para ahli parapsikologi, manawa ana kadadéan kang bebayani utawa gawé wedi lan mretegan banget, awak bisa ngetokaké daya psikokinetik. Misalé kaya mecahaké kaca nalika kewéden. Kuwi mau kasil saka daya psikokinetik kang metu saka awaké dhéwé.
Lumrahé para ahli parapsikologi mbedakaké ngèlmu psikokinesis ana rong jinis, ya iku psikokinesis-makro lan psikokinesis-mikro. Psikokines-makro
ya iku kang kadadiané bisa diweruhi kanthi cara langsung. Kaya ta misalé ning pertunjukan télévisi ana wong kang bisa sanggup mlengkungaké sendok, ngangkat bandha iku ning awang-awang, utawa kebal déning sanjata kang lancip. Nanging Psikokinesis-mikro kadadeané ora bisa titeni migunakaké mata biyasa. Perlu anané métodhe statistik tartemtu supaya bisa meruhi kadadéan iku. Kaya ta ning kategori mikro ya iku pangobatan jarak adoh
Cithakan:Parapsikologi
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Psikokinesis, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.