Prancis Terbuka

Prancis Terbuka (basa Prancis: Tournoi de Roland-Garros; Turnamèn Roland Garros) iku siji turnamèn tènes kang lumangsung sajeroning rong minggu wiwit saka tengah-tengah sasi Mèi nganti wiwitan sasi Juni ing Paris, Prancis saben taun.

Barkas:FrenchOpenLogo.jpg
Logo Turnamèn Prancis Terbuka

Ing taun 1891 turnamèn iki dadi turnamèn nasional.Taun 1925 Prancis Terbuka mbuka dhiri marang peserta internasional lan dianakaké ing lapangan suket ing Racing Club de France lan Stade Français. Kanggo Piala Davis challenge taun 1928, siji stadium tènes anyar dibangun ing Porte d'Auteuil. Dijenengaké saka jeneng pahlawan Perang Donya I, Stadion Roland Garros, lan Court Philippe Chatrier kang anyar dibangun nganggo lemah (gravel).

Lemah iku ndadèkaké playuning bal dadi alon lan njalari bal mantul dhuwur banget yèn dibandhingaké karo lumah suket utawa semèn. Spesialis lapangan lemah iki wiwit muncul lan suksès ing turnamèn iki nanging akèh petenis kanthi ranking dhuwur kangèlan. Pete Sampras, kang menangaké patbelas gelar pamenang tunggal putra turnamen Grand Slam, ora tau menangaké Prancis Terbuka. Nganti taun 2006, enem pemenang tunggal putra Prancis Terbuka pungkasan dimenangaké déning wong kang ora tau menangaké turnamèn Grand Slam liyané. Ing tunggal putri, Prancis terbuka minangka gelar kang njalari petenis kaya Lindsay Davenport lan Martina Hingis ora ngéntukaké Grand Slam.

Ing taun 1968, turnamèn iki dadi turnamèn Grand Slam pisanan kang dadi "terbuka," saéngga juru main amatir lan profésional bisa mèlu tandhing.

Ing sasi Maret 2007, diumumaké yèn Prancis Terbuka bakal mènèhi bebungah dhuwit kang padha tumraping putra lan putri ing saben puteran. [1] Archived 2007-06-23 at the Wayback Machine.

Pemenang paling akèh wiwit taun 1925

Putra

  • Kabèh kategori: Henri Cochet (Perancis), 9 gelar (4 tunggal, 3 ganda, 2 ganda campuran)
  • Tunggal: Björn Borg (Swèdhen), 6
  • Gelar tunggal kanthi berturut-turut: Björn Borg dan Rafael Nadal (Spanyol), 4
  • Gandha: Roy Emerson (Australia), 6

Putri

  • Kabèh kategori: Margaret Smith Court (Australia), 13 (5 tunggal, 4 ganda, 4 ganda campuran)
  • Tunggal: Chris Evert (AS), 7
  • Gelar tunggal kanthi berturut-turut: Helen Wills Moody (AS), Hilde Sperling (Jerman), Monica Seles (Yugoslavia), dan Justine Henin (Bèlgi), 3
  • Gandha: Martina Navratilova (Cekoslowakia/AS), 7

Uga delengen

  • Pratélan juwara Prancis Terbuka

Pranala njaba

Tags:

Prancis Terbuka Pemenang paling akèh wiwit taun 1925Prancis Terbuka Uga delengenPrancis Terbuka Pranala njabaPrancis TerbukaBasa PrancisJuniMèiParisPrancisTènes

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ISBNAksara PégonRamaGunung MuriaPrastawa BudayaPetualangan sherinaSoekarnoAstra InternationalParibasan JawaSalman bin Abdul-Aziz Al SaudKim Soo-HyunHirohitoSepi ing Pamrih Ramé ing GawéMuhallebiIbnu KhaldunGoogleBasa JawaTembung krama inggilWalang sangitSega liwetPallywoodMiki TikusRahwanaNagita SlavinaGunung MerbabuSohanKarbitPurwakanthiKumbakarnaSurat Al BaqarahBasaMikul dhuwur, mendhem jeroGambuhBèsèkKarim BenzemaAhmad DahlanWetengRujak CingurWayback MachineWadhukSèngGunung RinjaniSurat Ali ImranBaladéwaNusantara TVBauwarnaAnang HermansyahOmah JogloStadion Gelora Bung KarnoSitrusMickey Mouse ClubhouseHappy AsmaraTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)AlisBremMa'ruf AminKetoprak (panganan)SengkalanPada pangkatꦢꦏꦿꦺꦴꦤ꧀RengginangUkara gothangWangsalanKabupatèn SumbawaRépublik Rakyat CinaPedhotanSumbadraAsem asetatWikisastraBélarusRebut balung tanpa isiPangarep-arepPattimura🡆 More