Prejanjèn Schengen 1985 Iku sawijiking prejanjen sing digawé déning sawatara nagara Éropa kanggo ngurangi pangawasan tapel wates antar nagara.
Sajeroning prejanjen iki kacakup manéka aturan kawicaksanan bebarengan bab idin lumebu mansa cedhak (kalebu Visa Schengen), panyelarasan kontrol tapel wates eksternal, lan kerjasama pulisi lintas wates. Jenenge dijupuk saka jeneng papan panggonan penandatanganan prejanjen iki, sawijining désa ingi Luksemburg.
Dhèskripsi | Wewengkon bébas kunjungan |
---|---|
Diadegaké | 1995 |
Anggota | |
Kebijakan saka | Uni Éropa |
Wewengkon | 4.312.099 km2 |
Nganti taun 2006 ana gunggung 30 nagara – nyakup sapérangan anggota Uni Éropa plus Èslan, Nurwègen, lan Switserlan (kalebu Liechtenstein)-wis napakasmani prejanjen iki; sawatara iki 25 nagara wis matrapake. Republik Irlandia (IR) lan Britania Raya (GB) mung mèlu sajeroning kerjasama pulisi lintas batas nanging ora mèlu ing babagan pengawasan tapel wates lan visa. Ing sajeroning tlatah Schengen (wewengkon nagara-nagara sing wis matrapake), pos lan paengawasan tapel wates wis dibusek lan 'Visa Schengen' umum diwetokake. Sing duwé paspor/visa salah siji nagara sing wis matrapake Prejanjen Schengen (nanging dudu IR lan GB!) bisa lumebu wewengkon saben nagara liyané kanthi bébas.
Ing ngisor iki nagara-nagara sing wis matrapake kabèh isi prejanjen:
Paspor utawa visa salah siji nagara ing dhuwur bias lumebu lan metu kanthi bébas antarané nagara-nagara mau.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Prajanjèn Schengen 1985, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.