Ovarium

Ovarium utawa indung endhog iku klanjer kelamin wadon kéwan lan manungsa.

Ing makluk vertebrata kalebu manungsa, duwé ovarium loro kang fungsiné mrodhuksi sel endhog lan ngetokaké hormon. Sapérangan gedhé manuk mung duwé ovarium siji kang bisa berfungsi kanthi becik, lan ula duwé ovarium loro kang kasusun berbaris.

Fungsi

Ing sanjeroné saben ovarium dumadi perkembangan sel endhog (oogenesis). Ing prosès iki sel endhog bakal dikantheni sawijining golongan sel kang karan sel folikel. Ing manungsa, perkembangan oogenesis saka oogonium dadi oosit dumadi ing embrio sanjeroné kandhungan lan oosit ora bakal tumuwuh dadi ovum nganti diwiwiti mangsané pubertas. Ing mangsa pubertas, ovum kang wis mateng bakal diculaké saka sel folikel lan ditokaké saka ovarium. Prosès uculé saka ovarium karan ovulasi. Sel ovum siyap dibuahi déning sel spermatozoa saka priya, kang manawa kasil nggabung bakal mbentuk zigot.

Ovarium 
Organ réproduksi njero wanita

Ovarium fungsiné ngetokaké hormon steroid lan peptida kaya estrogen lan progesteron. Loro hormon iki wigati ing prosès pubertas wanita lan ciri-ciri seks sekunder. Estrogen lan progesteron duwé peran ing persiapan dinding rahim kanggo implantasi endhog kang wis dibuahi. Saliyané iku uga duwé peran mènèhi sinyal tumrap klanjer hipotalamus lan pituitari suwéné ngatur siklus menstruasi.

Sawisé sel endhog diovulasiké, banjur bakal lumebu ing tuba fallopi lan gerak alon-alon nuju rahim. Yèn dibuahi déning spérma ing (tuba fallopi), sel endhog bakal melakukan implantasi ing dinding uterus lan brkembang dadi sawijining prosès meteng. Yèn pambuahan ora dumadi ing tuba fallopi, bisa dumadi kehamilan ektopik, ya iku kehamilan ora dumadi ing rahim. Perkembangan janin ing kehamilan ektopik, bisa dumadi ing tuba fallopi dhéwé, lambé rahim, bisa uga ing ovarium.

Pirsanana uga


Sistem endokrin - sunting

Kelenjar adrenal | Corpus luteum | Hipotalamus | Ovarium | Pankreas | Kelenjar paratiroid | Kelenjar pineal | Kelenjar pituitari | Testis | Kelenjar tiroid

Tags:

Klanjer

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

FotografiPlutoSt. PetersburgTora SudiroSahFilem pornoNathan Tjoe-A-OnGambang SulingTokugawa IeyasuMontorGFDLTasArjunaMaricaTedhak sitènKarim BenzemaPangidhèntifikasi Obyèk DigitalStadion Jassim Bin HamadKim Soo-HyunStadion SiliwangiNagita SlavinaFilipinaUntaMedia CirebonBrandon SalimDeswita MaharaniIndonIndonesiaHidrogenBika ambonWajikAkri PatrioDinaKamentrian Kaséhatan Republik IndonésiaAri WibowoYurike PrastikaDavid BeckhamTembung panggandhèngThe ChangcutersMangsa katigaLee Min HoAlizéeJay IdzesBaworDewan Perwakilan RakyatNike ArdillaChairil AnwarMangkunagara IHamka HamzahAsmaradanaKomètSurat Ar RuumBuwana AmérikaWikiHalloweenSatelit alamiJamurWhitney HoustonGarèngPanakawanNikelMontor mabur nirawakBiruGambangWunguPaculSugiarta SriwibawaPratélan Mahamantri JepangKemayoran, Jakarta PusatTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Surat Adh DhuhaTaun wuntuÈnsiklopédhiGita Gutawa🡆 More