Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei (dipuncekak NSDAP utawi Parté Nazi, tegesipun Parté Pekerja Nasional-Sosialis Jerman) inggih punika satunggalipun parté pulitik ingkang naté wonten ing nagari Jerman.
Parté punika jumeneng ing taun 1920 ingkang punjeripun (pusat) ing München. Sadèrèngipun dados parté NSDAP, parté punika gadhah nama Deutsche Arbeiterpartei (Parté Buruh Jerman), nama parté punika dipun-gantos ing tanggal 24 Fèbruari 1920. Lambang resmi NSDAP inggih punika Swastika.
Bagian dari seri tentang Simbol nazisme Nazisme Organisasi Sajarah Ideologi Simbol Tokoh |
NSDAP dados kakiyatan pulitik ingkang utami ing Nazi Jerman wiwit Républik Weimar kalah ing taun 1933 ngantos pungkasanipun Perang Donya II ing taun 1945, nalika dipundéklarasikaken kanthi ilégal lan para punggawanipun dipuncepeng amargi dipuntuduh minangka tersangka keawonan kamanungsan. Tiyang ingkang mlebet parté Nazi gadhah satunggalipun idéologi pulitik ènggal, limrahipun dipuntepangi kanthi nama "Nazisme".
Pangarsanipun parté punika, Adolf Hitler, dipunpilih déning Présidhèn Paul von Hindenburg minangka Kanselir Jerman ing taun 1933. Awit wekdal samanten, Hitler kanthi rikat saged yasa rézim totalitarian ing Jerman ingkang dipunsebat Reich kaping tiga.
Idéologi Nazi inggih punika nengenaken bab kemurnian ras tiyang Jerman lan nyingkiraken kaum ingkang dipunsebat Lebensunwertes Leben (ing antawisipun Yahudi, Slavia, Rom, lan homosèksual), golongan Saksi-Saksi Yehuwa, tiyang cacat méntal utawi fisik, lan kuminis.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.