Paul-Michel Foucault (lair ing Poitiers, 15 Oktober 1926 – pati ing Paris, 25 Juni 1984 ing umur 57 taun) ya iku pawongan filsuf Perancis, sajarahwan, intelektual, kritikus, lan sosiolog.
Sakwene uripé , dhèwèké nyekel kursi kursi kalungguhan ing Collège de France, amarga karyané kang kanti judhul Sajarah sistem pamikir (History of Systems of Thought) lan uga ngajar ing Universitas California, Berkeley.
Michel Foucault | |
---|---|
Lair | 15 Oktober 1926 Poitiers, Prancis |
Pati | Juni 25, 1984 Paris, Prancis | (umur 57)
Kala | Abad ke-20 |
Tlatah | Filsafat Barat |
Aliran | Filsafat kontinental, posstrukturalisme, analisis diskursus |
Karsa pokok | Sajarah pamikir, epistemologi, etika, filsafat pulitik |
Gantha misuwur | Arkéologi, genealogi, episteme, dispositif, biopower, governmentality, institusi disipliner, panopticism. |
Maribawani
| |
Pinaribawan
|
Foucault paling dikenal kanti panalitèn tajame sajrone babagan institusi sosial, mligi psikiatri, kadhokteran, ngèlmu-ngèlmu kamanungsan lan sistem kunjara, lan karya-karyané babagan sajarah seksualitas. Karyane kang nelaah kekuasaan lan gayutan antarané kekuasaan, kawruh lan diskursus wis akèh diperdebatake kanthi amba. Nalika taun 60-an Foucault kerep diasosiasikake kanti obahan strukturalis. Foucault banur ngadoh saka obahan pamikir iki. Meski kerep dikarekterisasikake minangka pawongan posmodernis, Foucault mesti nolak label Posstrukturalis lan posmodernis.
Nalka usia 25 taun dhèwèké nampa Agregasi lan nalika taun 1952 éntuk Diploma sajrone psikologi. Nalika taun 1950 dhèwèké kerja ing Rumah Sakit Jiwa lan nalika taun 1955 mulang ing Universitas Uppsala, Swèdhen. Karya pertamane kang judhulé Kegilaan lan ora nalar: Sajarah nalika Jaman Klasik, dipresentasikake kanggo nempuh gelar dhoktorale ing taun 1959 kanti bimbingan Georges Canguilhem. Karya mau banjur diterbitake ing taun 1961. Nalika taun 1970, dhèwèké diangkat minangka dhosèn Sajarah Sistem Pemikiran ing Perancis. Dhèwèké séda taun 1984.
Sacara kronologis, bisa dideleng perjalanan urip Foucault kaya mengene:
Madness and Civilization
The Birth of the Clinic
Death and The Labyrinth
The Order of Things
The Archaeology of Knowledge
Discipline and Punish
The History of Sexuality
Cithakan:Filsuf-stub
Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Michel Foucault, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.