Rachel Meghan Markle utawa Meghan Markle (lair 4 Agustus 1981 ing Amérikah Sarekat) ya iku pemain filem lan modhèl saka Amérikah Sarékat.
Meghan uga tunangané Pangèran Harry kawit Novèmber 2017. Mantènané bakal kagelar ing mangsa semi taun 2018.
Meghan Markle wiwit kawentar saka dhapukané dadi Rachel Zane ing filem télévisi 'Suits'. Filem liya sing dhèwèké tau main ya iku Without A Trace, Fringe lan liya-liyane. Sakliyané kuwi, Meghan uga tau main ing filem Horrible Bosses.Pemain filem kelairan 4 Agustus 1981 iki sadurungé wis tau mantènan karo Trevor Engelson. Ananging dhèwèké pegatan ing taun 2013, sawisé mantènan taun 2011.
Meghan uga aktif mèlu kagiyatan kamanungsan lan tau lunga menyang Rwanda kanthi tujuan kampanye banyu resik. Ing 2016, dhèwèké kadhapuk dadi Global Ambassador kanggo World Vision Canada. Ing Mèi 2018 dhèwèké mantènan karo Pangèran Harry. Mantènané kagelar ing St George Chapel di Windsor Castle, London, Inggris.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Meghan Markle, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.