Mariah Carey iku artis kang lair tanggal 27 Maret 1969 ing Huntingtown, Long Island, New York).
Mariah Carey | |
---|---|
Pratélan latar wuri | |
Jeneng lair | Mariah Carey |
Saka | New York City, New York, Amérikah Sarékat |
Génre | Pop, R&B |
Pakaryan | Penyanyi, penulis lagu, prodhuser rekaman, direktur video musik, aktris |
Mangsa akarya | 1990–sekarang |
Labèl | Island |
Sing magepokan | Nick Cannon, Jermaine Dupri, Da Brat, Randy Jackson, The Dream, Walter Afanasieff |
Sana jaringan | www.mariahcarey.com |
Dhèwèké iku sawijining panyanyi saka Amérikah Sarékat. Mariah Carey iku bapané asalé saka Venezuela lan ibuné wong AS katurunan Irlandia. Mariah iku penyanyi AS sing paling akèh nduwé hit nomer 1. Agama Mariah Carey ya iku Katulik. Mariah Carey duwé dhuwur 5’ 9’’ inci. Kewarganegaraane Amerkia. Mariah Carey rambuté wernané soklat lan mripaté ya awarna coklat. Mariah Carey lair saka pasangan Alfred Roy Carey, minangka Insinyur Penerbangan lan Patricia Hickey, minangka mantan pelatih vokal lan penyanyi opera. Carey kalebu anak ing ragil kanthi kakange Morgan lan Alison.
Mariah Carey tau pacaran karo Derek Jeter, ya iku juru main baseball. Dhèwèké uga tau pacaran karo penyanyi pop Luis Miguel nalika taun 1998 nganti taun 2001. Carey rabi karo èksekutif rekaman Columbia Records, Tommy Mottola lan ora suwé akhire pegatan. Banjur dhèwèké rabi karo aktor Nick Cannon kawit 30 April 2008.
Mariah Carey wiwit kondhang kawit taun 1990. Mariah Carey tau ngetokaké album rohani, ya iku Merry Christmas ing jerone ana tembang All I Want for Christmas Is You. Carey uga tau ngetokaké album kanthi irah-irahan Glitter. Ing sasi April 2005 Carey ngetokaké album manèh kanthi irah-irahan The Emancipation Of Mimi. Kanthi tembang We Belong Together, album iki bisa ndadèkaké dhèwèké éntuk 8 nominasi ing ajang Grammy Awards ing taun 2006. Ing tanggal 15 April 2008 Carey ngrilis album manèh kanthi itah-irahan E=MC2. Ing album iki, dhèwèké njagokake tembang Bye Bye, I'll Be Lovin' U Loving Time lan I Stay in Love. Ing purwakaning adol album iki bisa kadol nganti 463 èwu copy. Ora mung pinter nyanyi thok, dhèwèké uga pinter main filem layar lebar. Film kang tau dimainake Mariayh Carey ya iku The Bachelor ing taun 1999, Glitter ing taun 2001, Wisegirls ing taun 2002, lan State Property 2 ing taun 2005.
Ing 2015, Carey wiwit pacaran karo miliarder Australia James Packer lan, ing 21 Januari 2016, dhèwèké ngumumake yen dhèwèké wis tunangan. Nanging ing Oktober, dhèwèké wis mbatalake pertunangan kasebut. Ing Oktober 2016, dhèwèké wiwit pacaran karo koreografer Amerika Bryan Tanaka.
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Mariah Carey |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Mariah Carey, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.