Lingsang

Lingsang utawa wlingsang ya iku tembung saka basa Jawa kanggo patang spésies karnivora mamalia cilik kang uripé ing wit-witan.

Loro spésies saka Afrika kalebu kulawarga Viverridae, déné rong spésies saka Asia kalebu kulawarga Prionodontidae.

Lingsang
Prionodon linsang - Lingsang lorèk

Kabèh genus lingsang (Poiana Afrika lan Prionodon Asia) biyèné kagolongaké ing subfamili Viverrinae (Viverridae), bebarengan karo sawatara genera, nanging riset anyar nyatakaké menawa Sesambungan saka génus kuwi beda. Lingsang ditengeri saka morfologi kang caket karo kucing, kulawarga Felidae, racaké luwih gedhé tinimbang viverriae. Nanging, analisis DNA nuduhaké menawa lingsang Afrika (Poiana) sing bener kalebu viverridae déné lingsang Asia (Prionodon) luwih cedhak marang kulawarga Felidae.

Lingsang
Prangko taun 1953 kang ngarani lingsang kanggo kéwan berang-berang (Aonyx cinereus).

 

Jeneng lingsang utawa wlingsang kang asring klèru digunakaké kanggo ngarani kéwan berang-berang  (""otter"" ing basa Inggris). Lingsang kalebu kéwan nokturnal, umumé urip dhèwèkan lan manggon ing wit-witan gedhé. Lingsang kalebu kéwan karnivora, mangan bajing, tikus, manuk cilik, kadal lan kéwan gegremetan. Racaké ukuran cilik watara 30 cm, kanthi buntut sing luwih dawa tinimbang awaké. Awaké dawa, lan sikilé cendhèk.

Spesies saka Lingsang Afrika :

  • Poiana leightoni - Lingsang Leighton
  • Poiana richardsonii - Lingsang Afrika

Spesies Lingsang Asia :

Rujukan

Tags:

KarnivoraMamalia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Al-QaédaJoglo pèncuFilippo InzaghiMarco MaterazziManuk tuhuElektronikaWishnutamaAyat Ayat CintaTéaterJerome PolinPada madyaAgus Harimurti YudhoyonoUnicodeStephen ChowGugon tuhonFarinaPatih SuwandaLechonaSandra DewiTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)GoogleSesorahPerang BadarNella KharismaLogikaꦮꦶꦏꦶTim nasional bal-balan KamerunSintaSinarmas Groupꦧꦼꦝꦸꦒ꧀YuddhakandaTitilarasBayernKleponWikiSundaeSurinameJavaScriptCalon ArangKrakatau SteelꦏꦼꦕꦥꦶDasanamaꦒꦩ꧀ꦧꦁBaronganSiterBitsream VeraDéwa RuciMaricaGmailS.S. LazioMacapatLos AngelesMichelle ObamaꦒꦺꦴꦁMakruhParto PatrioWayang purwaFreya JayawardanaTaling tarungMia KhalifaKutha matiScarlett JohanssonHypertext markup languageDelimaTembung garbaBima (paraga Mahabharata)Olahan LibyaLunpiaAndhaꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮBudaya JawaSepasaranWaring Wéra Wanua🡆 More