Karédhok: Panganan saka woh-wohan dibumboni bumbu kacang

Karédhok iku panganan khas laladan Jawa Kulon.

Panganan iki unik awit kabèh janganan kang digawé isih seger. Janganan kang digawé karédhok ora dimasak dhisik saéngga ngandhut gizi lan serat kang akèh. Kang mbédakaké karédhok karo lotèk yaiku karedhok janganané mentah yèn lotèk digodhog dhisik. Kang mbédakaké karédhok karo salad yaiku yèn karédhok diwuwuri sambel kacang déné salad nganggo saus mayonès. Karédhok kalebu panganan kang séhat awit ora ngandhut pengawét, ora kadalu warsa, lan ora ngandhut zat-zat kang marakaké kanker.

Karédhok: Panganan saka woh-wohan dibumboni bumbu kacang
Karédhok

Sambel

Sambel karedhok digawé saka kacang brol kang diocéki lan digoréng. Bumbu-bumbu kanggo nggawé sambel yaiku lombok rawit, lombok abang kriting, asem, ketéla rambat kang digodhog. Bumbu-bumbu iki banjur diuleg ing cowèk lan dicampur bumbu kacang brol, yèn wis alus banjur diwènèhi banyu putih lan dicampur nganti rata.

Janganan

Janganan kang digawé karédhok yaiku kacang lanjaran kang isih enom, godhong kol, godhong ketéla pohung kang wis digodhog, timun, kecambah utawa taugé dikethok-kethok lan dicampur. Janganan iki banjur diwènèhi bumbu kacang. Karédhok uga biyasa diwènèhi tambahan krupuk. Karédhok uga bisa digawé saka bahan leunca. Karédhok kang digawé saka leunca diarani karedhok leunca.

Cathetan suku

Tags:

GiziJawa KulonKacangLotèkMayonèsSaladSambel

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bonang barungPeking (gamelan)Awu vulkanikAmangkurat IIIYudas IskariotMohammad HattaPierre-Simon LaplaceBalabakNyadranTéaterOmah JogloWikipédia basa JawaFisiologiKumbakarnaSCTVFabio CannavaroAnies BaswedanKaraton Ngayogyakarta AdiningratBebasanKodhokStar WarsEreksi klitorisChantal Della ConcettaWiji jagungNike ArdillaMasjid Menara KudusSubaliLembaga Pemerintah Non Departemenꦧꦼꦝꦸꦒ꧀BumiFiqihYuddhakandaKabiskopan ColimaBombasticInfoWarsXXX (filem 2002)MesirKupatTresnaDurmaDelimaWisanggeniParikanMarshmelloJasa Tirta IICreative CommonsYésus KristusBarabudhurWiki FoundationMesir KunaꦏꦼꦕꦥꦶBathara GuruKartiniKempyangGamelanWibisanaSaronSurat Al BaqarahSurat Al JinRukun IslamNéonKairoManuk tuhuJawaPuthuPada guruToby AlderweireldPangrasaBudaya JawaSurat Ali ImranUnicodeUwedM-16 (bedhil)🡆 More