Krupuk

Krupuk iku panganan saka Tanah Jawa lan uga Nuswantara kanthi umum.

Panganan iki wujudé tipis kumripik. Krupuk lumrahé digawé saka glepung tapioka kang ditambahi bahan pangrasa, kaya ta urang, kakap, bawang putih, lan sapanunggalané. Banjur jladrèn iki diulèni lan diiris tipis-tipis, dipépé ing srengéngé. Banjur digorèng mawa lenga sing akèh tur panas.

Krupuk
Krupuk

Cara nggawé

Cara nggawé krupuk bisa kanthi manual. Carané ya iku jladrèn krupuk digawé londor-londor dawa. Sawisé dadi londoran banjur dimasak kanthi dikukus. Yèn wis mateng banjur diirisi lan dipépé. Irisan krupuk kang wis garing banjur digoréng ing lenga panas. Londoran krupuk iki bisa digawé saka godhong utawa saka plastik. Krupuk kang dipépé iki ancasé supaya krupuk bisa mekar yèn digorèng. Krupuk kalebu panganan kang rikat gosong nalika digoréng, dadi yèn nggorêng krupuk cukup sedhéla waé, aja nganti krupuk dadi gosong. Yèn nganti gosong rasané krupuk bakal dadi pait lan wernané dadi ireng.

Nggorèng

Krupuk bisa digadho utawa dipangan minangka lawuh. Sadurungé digorèng lumrahé krupuk dipépé dhisik, ancasé supaya krupuk bisa ngembang lan amba nalika digorèng. Kanggo ngasilaké krupuk kang ora gosong tur asilé katon apik, cukup nggunakaké geni kang ora patiya gedhé nalika nggorèng. Saliyané iku, yèn nggorèng krupuk ora kena ditinggal-tinggal supaya ora gosong.

Cemilan

Krupuk kalebu jajanan kang ora gawé wareg. Yèn ing basa Indonésia diarani makanan ringan utawa 'panganan êntèng' ing basa Jawa. Krupuk lumrahé kanggo lawuh nalika mangan. Krupuk uga kena kanggo camilan nalika lagi nonton TV utawa lagi lungguhan. Krupuk uga kena kanggo kanca yèn lagi ngombé tèh utawa kopi.

Mlempem

Yèn suwé ora dipangan lan ora diwadhahi sajeroning wadhah sing rapet krupuk lumrahé banjur dadi mlempem. Mlempem tegesé ora renyah manèh. Krupuk kang wis mlempem rasané wis béda karo nalika kaya isih renyah. Yèn wis mlempem krupuk lumrahé arang dipangan. Supaya krupuk ora rikat mlempem, lumrahé dipépé dhisik. Saliyané iku, nalika lagi ngentas saka wajan krupuk ora langsung diwadhahi toplès nalika isih panas. Hawa panas agawé krupuk dadi mlempem nalika disêlêh toplès pas isih panas.

Krupuk sing wis mlempem bisa digawé renyah manêh mawa dilebokaké ing oven utawa panggangan roti sadhéla.

Rasa woh-wohan

Kanthi kemajuané jaman, krupuk uga ana sing wènèhi perasa woh-wohan. Déné woh-wohan kang dadi perasa krupuk ya iku rasa nanas, nangka, apel rasa strobèri,gedhang, gadung, jèngkol, jagung, rasa coklat, rasa durén. Saliyané iku uga ana krupuk kang diwènèhi perasa bumbu barbeque, rasa pedhes kaya ta sambel balado, rasa legi, kèju, bawang lan urang, ana uga krupuk kang rasa iwak.

Jinis krupuk

Jinisé krupuk.

Krupuk iwak kalebu krupuk kang akèh disenengi masarakat. Saka bocah cilik nganti tekan wong tuwa uga seneng. Rasané kang gurih lan renyah saya gawé krupuk iwak tambah énak. Akèh iwak kang bisa dadi bahan dhasar kanggo nggawé krupuk. Tuladhané iwak tongkol, tengiri, bandeng, lan liya-liyané.

  • Krupuk aci
  • Kemplang
  • Krupuk bawang putih
  • Krupuk bawang
  • Krupuk kulit
  • Krupuk mlarat
  • Krupuk gendar
  • Krupuk sanjai
  • Rengginang
  • Rempeyek
  • Krupuk Tahu
  • Rambak. Rambak iku krupuk kang digawé saka kulit kebo. Laladan Bumiayu, Brebes. Jawa Tengah dadi salah sawijining laladan penghasil rambak nganti tekan luar jaban rangkah. Kulit kebo nyatane ora mung bisa diolah dadi bedug lan kerajinan tangan nanging uga bisa digawé rambak. Rambak kang diolah dadi krupuk iki arané krupuk rambak.

Kulit kebo sing wis dipépé nganti garing banjur digodhog nganti empuk ing banyu kang wis dibumboni. Sawisé iku kulit kebo kang wis empuk mau banjur diiris tipis-tipis lan dipépé manèh nganti garing.

Sawisé iku banjur digoréng supaya krupuk dadi ngembang. Sajeroning krupuk dipépé lan digoréng iki kang nemtokaké rasa gurih lan renyahé ing krupuk. Krupuk rambak uga duwé rega kang luwih larang ya iku saben sekilo regané 90 éwu rupyiah. Krupuk iki rasané renyah lan gurih rada asin.

Laladan Bumiayu diarani laladan sentra produsén krupuk rambak. Awit kurang luwih ana 75 perajin krupuk rambak ing Bumiayu. Krupuk rambak asil olahan ing Bumiayu uga diékspor ing Malaysia lan Brunei Darussalam.

  • Krupuk mi
  • Krupuk mlarat
  • Krupuk sarmièr

Gladri krupuk

Cathetan suku

Uga delengen

Tags:

Krupuk Cara nggawéKrupuk NggorèngKrupuk CemilanKrupuk MlempemKrupuk Rasa woh-wohanKrupuk Jinis krupukKrupuk Gladri krupukKrupuk Cathetan sukuKrupuk Uga delengenKrupukBawang putihNuswantaraSrengéngéTanah JawaUrang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tokyo GhoulBlilu tau pinter durung nglakoniJeff BezosANTVPartai Demokrasi Indonesia PerjuanganRamaTom CruiseCut Nyak MeutiaAsiaSistem operasi komputerMaltaHeike Kamerlingh OnnesBima (paraga Mahabharata)Galaksi AndromedaBal-balanJathilanSaharaMbobotCumbana payudaraSlankAlfred RiedlDramaSurat Al An’amTobey MaguirePanambangRengginangDarius SinathryaUrkOstenrikUniversitas LampungCarita Aji SakaCathetan padinanLiga Championship InggrisRizky RidhoBasa Arab MesirLém11 FèbruariIndhonésiaPerawan Remaja dalam Cengkeraman MiliterIridiumIndonésiaKanadhaGoogle ChromeProdhuk dhomèstik brutoSèrbiNike ArdillaManuel RoxasSetatsiyun sepurWuduArtikelKalsium kloridaFrans KaisiepoTarakan TVAsparagus (tanduran)NeurologiBenikRukun ImanGamelanWandaAnang HermansyahJambu1200Gerakan Mahasiswa Nasional IndonesiaSoekarnoAnak Jalanan (sinetron)Gunung PrauLionel MessiMicrosoft WindowsTutti fruttiTerpentinTaman Nasional Bukit Barisan SelatanDenny Cagur800Emprit Abuntut Bedhug (Buku)🡆 More