Karaton Ngayogyakarta Adiningrat

Karaton Ngayogyakarta Adiningrat dipunadegaken déning Pangéran Mangkubumi.

Madegipun Karaton Ngayogyakarta dipuwiwiti saking kadadosan nalika dipunawotenaken Perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Krajan Mataram dipunpérang dados kalih inggih punika Karaton Kasunanan Surakarta saha Karaton Kasultanan Ngayogyakarta. Sasampunipun madegkaken Karaton Mataram Ngayogyakarta Pangéran Mangkubumi gadhah gelar Sri Sultan Amengkubuwana I. Raja-raja Kasultanan Ngayogyakarta inggih punika wiwit saking Sri Sultan Amengkubuwana I dumugi Sri Sultan Amengkubuwana X. Sri Sultan Amengkubuwana X taksih dados raja dumugi sapunika. Karaton Kasultanan Ngayogyakarta gadhah fungsi minangka pusat papréntahan, saha dalemipun raja sarta kulawarganipun. kajawi saking punika Karaton Kasultanan Ngayogyakarta dados pusat kabudayan wonten ing tanah Jawi.

Karaton Ngayogyakarta Adiningrat
Gedhong Kaca, Paruhunan Amengkubuwana IX Karaton Ngayogyakarta Adiningrat

Senaos kasultanan kasebat kanthi resmi sampun dados péranganing Républik Indonésia ing taun 1950, komplèks yasan karaton punika taksih gadhah fungsi minangka papan panggènan sultan lan rumah tangga istananéipun ingkang taksih nguri-uri tradhisi kasultanan ngantos sapriki. Karaton punika ugi dados salah satunggiling objek wisata ing Kitha Yogyakarta. Sapérangan komplèks karaton wujud paruhunan ingkang nyimpen rupi-rupiu kolèksi gadhah kasultanan, kalebet peparing saking mancanegari ing antawisipun saking raja-raja Éropah, réplika pusaka karaton, lan gamelan.

Saking wujud bangunanipun, karaton punika wujud salah satunggaling tuladha arsitèktur pura Jawa ingkang saé piyambak, gadhah balairung-balairung mewah sarta lapangan paviliun ingkang jembar.

Karaton Yogyakarta wiwit madeg déning Sultan Amengkubuwana I sawatawis wulan sasampunipun Prejanjèn Giyanti ing taun 1755. Lokasi karaton punika kacariyos tilas pesanggarahan ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan punika dipun-ginakaken kangé istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih lokasi karaton wujud sendhang, Umbul Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana Beringan. Sadèrèngipun dados Karaton Yogyakarta, Sultan Hamengku Bawana I manggèn wonten ing Pesanggrahan Ambar Ketawang ingkang sapunika kalebet wewengkon Kacamatan Gamping Kabupatèn Sléman.

Sacara fisik pura para Sultan Yogyakarta gadhah pitu komplèks inti inggih punika Siti Hinggil Lèr, Kamandhungan Lèr, Sri Manganti, Kedhaton, Kamagangan, Kamandhungan Kidul, lan Siti Hinggil Kidul. Sanèsipun punika Karaton Yogyakarta gadhah rupi-rupi warisan budaya ingkang awangun adicara lan barang-barang kina mawisajarah. Karaton Yogyakarta uga wujud satunggaling lembaga adat pepak lan pemangku adatipun. Amargi saking punika filosofi lan ugi mitologi tansah kauri-uri ing Karaton Yogyakarta lan ing taun 1995 Komplèk Karaton Ngayogyakarta Adiningrat dipuncalonaken dados salah satunggaling Situs Warisan Donya UNESCO.

Tata ruwang lan arsitèktur umum

Barkas:Karaton Yogyakarta Pagelaran.jpg
Karaton Ngayogyakarta Adiningrat.

Arsitèk kepala pura inggih punika Sultan Amengkubuwana I, pangadeg Kasultanan Ngayogyakarta Adiningrat. Keahlianipun ing babagan arsitèktur dipunkurmati déning èlmuwan Walandi, Theodoor Gautier Thomas Pigeaud lan Lucien Adam ingkang nganggep minangka "arsitèk" saking sadhèrèk Pakubuwana II Surakarta". Wangunan pokok lan désain dhasar tata ruwang saking karaton lan désain dhasar landscape kitha lami Yogyakarta karampungaken antawis taun 1755-1756. Wangunan sanès katambahaken tembé wingking déning para Sultan Yogyakarta salajengipun. Wangun pura ingkang katingal sapunika sapérangan ageng wujud asil pamugaran lan rèstorasi ingkang dipunlaksakaken déning Sultan Amengkubuwana VIII (jumeneng nata taun 1921-1939).

Rujukan


Tags:

Amengkubuwana X

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KerisPangarep-arepHabib Muhammad Luthfi bin YahyaKartiniSega gorèngMikro-organismeJurnalistikMark ZuckerbergAdulHajar AswadMeisya SiregarꦠꦺꦏꦺꦴNajwa ShihabGanjar PranowoSurat Al MuzzammilGunung PrauSurat Al QadrInterstellar (filem)JagoOmah adat JawaTembung wilangan babonAnnisa TrihapsariKutha SurabayaSasraningratJay IdzesMasjid Menara KudusKuwé pancongKomètRawonPrastawa BudayaChicago, IllinoisDrijiAdenosin TriphosphateWader cakulBanyuKutha NgayogyakartaAwuCumbana silitOséanografiCahyaBasaCarita Aji Sakaꦱꦸꦛꦶꦭ꧀KasurBaworImam BonjolKarbonWulu kéwanKethukPrasasti TuguBélarusLee Min HoJerome PolinSrabiAgus Harimurti YudhoyonoWikipédia basa JawaAkri PatrioBekicotSiputRembulanꦏꦱꦸꦂPramoedya Ananta ToerSepongSoto LamonganPecelSerat CenthiniAngklungHasanuddinFilem pornoCristiano RonaldoMia KhalifaGunung WelirangGunung MerbabuMichikoRanah internet tingkat paling dhuwur🡆 More