John Farey, Sr.
Nanging John Farey langkung kawéntar kaliyan dèrèt wilangan Farey ingkang dipunsebat saking namanipun.
John Farey wiyos wonten ing Woburn, Bedfordshire lan pikantuk ing Halifax, Yorkshire, nedahaken remenipun marang matematika, nglukis lan ngawontenaken panalitèn ing sangandhaping bimbingan saking John Smeaton (1724-1792). Bibar ngrampungaken pendidikanipun lajeng pindhah dhateng London, papan piyambakipun gadhah kulawarga lan lajeng nyambut damel ing London. Kala punika piyambakipun kepanggih kaliyan calon garwanipun lan mantèn kaliyan Sophia Hubert (1770-1830). Nalika wonten ing London lajeng pikantuk anak kapisan John Farey, Jr. lajeng pikantuk 8 laré malih, kalih ing antawisipun séda nalika taksih bayi.
Taun 1792 John Farey dipuntunjuk dados agen saking Francis Rusell, Adipati kaping 5 Bedford kanggé griya-griya wonten ing Woburn. Bibar sédanipun adipati, Farey pindhah dhateng London ing taun 1802. Bibar mikiraken kanggé pindhah piyambakipun mendhet peternakan wonten ing désa. John Farey mapan wonten ing ngriku lajeng dados konsultan panaliti lan geolog. Piyambakipun saged mendhet langkah mau amargi hubunganipun kaliyan William Smith ingkang nalika taun 1801 sampun dipunpakaryakaken déning adipati Bedford ing pakaryan irigasi lan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan toya sanèsipun. Ing taun 1805 piyambakipun nggantos Arthur Young minangka Sekretaris Smithfield Club. Pakaryan panalitènipun mbeta piyambakipun muteri nagari lan kathah kasuwun déning para ingkang gadhah lahan supados ningkataken asil guna lahan ugi propertinipun utawi ngedhuk mineral ingkang wonten ing jeronipun. Pakaryan wonten ing géologi ékonomi dados pérangan ingkang wigati ing Revolusi Industri kanthi pikantuk papan sumber batubara lan manéka bijih logam.
Farey punika satunggaling panyerat ingkang produktif lan Profesor Hugh Torrens sampun nelusur kirang langkung 270 makalah damelanipun John Farey. Gunggung ingkang wonten ingCatalogue of Scientific Papers saking Royal Society punika ping sekawan. Piyambakipun nyerat kathah pérangan wiwit saking hortikultura, géologi, meteorologi, metrologi, desimalisasi mata uang, musik lan matematika dumugi paham anti perang. Piyambakipun punika kontributor wigati Ensiklopedia Rees kanthi artikel-artikel babagan kanal, mineraloi, panalitèn lan sapérangan dhasar ilmiah ugi matematis babagan swara. Manéka sumber biografi abad kaping 19, kalebet Kamus Biografi Nasional ingkang kadadosan salah pengakuan ing artikel babagan Uap ing ensiklopedia Rees. Sejatosipun punika dipunserat déning larenipun John Farey, Junior. Taun 1809 Farey kepanggih William Martin ingkang damel publikasi karya babagan fosil Derbyshire, kanggé ngetes menapa saged damel peta géologi Derbyshire kanthi sesarengan.
Karya Farey ingkang paling kondhang punika Pandangan Umum Tetanèn lan Pertambangan Derbyshire (General View of the Agriculture and Minerals of Derbyshire) (3 jilid taun 1811-1817) kanggé Dewan Pertanian. Wonten ing jilid kapisan (1811) piyambakipun paring informasi pérangan nginggil lapisan géologi Britania lan ugi ngandharaken kandhutan Karbon lan lapisan sanèsipun saking Derbyshire. Wonten ing karya limrahipun ingkang dipublikasikan ing Philosophical Magazine, vol. 51, 1818, hal. 173, ing 'pernyataan Klaim Géologi Smith', piyambakipun nyerat kanggé narik kawigatosan wigatinipun penemuan William Smith.
Kajawi dipunéling déning para ahli saarah géologi, namanipun ugi kathah dipuntepangi kaliyan dèrèt wilangan Farey ingkang piyambakipun serat minangka wujud remenipun marang matematika swara.
{{cite journal}}
: CS1 maint: multiple names: authors list (link)This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article John Farey, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.