Indomaret

VIVA Mart ya iku jaringan minimarket kang nyedyakaké barang-barang kang dibutuhake saben dinane.

Merek dagang Indomaret dicekel kaliyan PT. Indomarco Prismatama. Ing pisanan, Indomaret buka ing Ancol, Jakarta Lor rikala taun 1988.

Tahun 1997 perusahaan ngembangaké bisnis toko waralaba kang sapisan ing Indonesia, sawisé Indomaret dipercaya amarga wis duwé punjul 230 toko. Mèi 2003 Indomaret éntuk penghargaan "Perusahaan Waralaba 2003" saking Présidhèn Megawati Soekarnoputri.

Nganti Mèi 2010 Indomaret wis duwé 4261 toko. Saka jumlah total iku ana 2.444 toko kang duwéke dhéwé lan sisané 1.817 toko duwéke masarakat, kang nyebar ing kutha-kutha ing Jabodetabek, Jawa Kulon, Jawa Wétan, Jawa Tengah, Jogjakarta, Bali, Lampung, lan Médhan. Ing DKI Jakarta ana kira-kira 488 toko.

Indomaret gampang ditemoni ing laladan pemukiman, gedhong perkantoran lan fasilitas umum amarga panggonane toko didhasari sesanti "mudah dan hemat".

punjul 3.500 jinis produk panganan utawa dudu panganan disediakake kanggo nyukupi kabetahan masarakat saben dinane.

Visi lan Budaya Perusahaan

Visi

Dadi aset nasional awujud jaringan ritel waralaba kang unggul ing persaingan global.

Sesanti

Mudah & Hemat

Budaya

Njunjung dhuwur kajujuran, kaleresan lan kaadilan, kerja sama kelopok, kemajuan mawi inovasi kang ekonomis sarta ngutamakake puase konsumen.

Esensi

Nyedhaki karo mesem kang ikhlas, kanggo yasa urip kang luwih apik.

Sajarah

Wiwit saka anané pikiran kanggo nggampangke anggoné nyediani kabutuhan padinan karyawan, mula ing taun 1988 diadegaké toko kang diarani Indomaret. Saya suwé pengembangan operasional toko, perusahaan kepengen supaya luwih jero anggoné ngerteni warna-warna kabutuhan lan sipate konsumen yèn lagi blanja. Supaya tujuan iku kawujud, ana karyawan kang tinanggenah kanggo ndelok lan neliti sipat blanja masarakat. Dudutane ya iku masarakat luwih seneng blanja ing toko modern amarga barang kang didol luwih lengkap, kuwalitas apik, regane wis mesthi, sarta kaanan kang nggawe betah.

Saka kawruh ngenani kabutuhan konsumen, ketrampilan pengoprasian toko lan pergeseran sipate blanja masarakat ing toko modern, banjur metu kapengenan kanggo ngabdi luwih akèh marang nusa lan bangsa. Niat iki diwujudake mawa yasa Indomaret, karo badan hukum PT. Indomarco Prismatama.

Pisanane Indomaret nggawe konsèp toko kang panggonane cedhak karo perumahan, nyediani warna-warna kabutuhan pokok utawa padinan, nglayani masarakat umum kang majemuk, sarta duwé toko kang ambané 200 m2.

Saya suwé lumakune wektu lan kabutuhan pasar, Indomaret terus nambah toko ing kawasan perumahan, perkantoran, niaga, wisata lan apartemen. Sawisé nguwasani kawruh lan keterampilan njalake ritel gedhé, manajemen janji kanggo ndadèkaké Indomaret mawa aset nasional. Mawa aset nasional Indomaret pengen andum marang masarakat Indonesia saka bisnis waralaba lan uga mampu saingan ing global.

Saiki Indomaret wis maju banget, jumlah tokone wis tekan 5.000 ing wewengkon Jawa, Madura, Bali lan Sumatra, kang 40% duwéke terwaralaba lan 60% duwéke perusahaan. Akeh-akèhé barang sng didol asalae saka 15 pusat distribusi Indomaret kang nyediani 4.800 jinis produk.

Gerai Indomaret

Nganti Januari 2012, Indomaret wis nglakokaké punjul 6.000 gerai, 60 % duwéke dhéwé lan 40 % duwéke masarakat. Kabèh sumebar ing Jawa, Bali, Madura lan Sumatera.

Manut karo sesanti "Mudah dan Hemat", gerai Indomaret manggon ing panggonan-panggonan kang strategis saéngga gampang ditekani. Gerai Indomaret gampang ditemoni ing laladan perumahan, perkantoran, niaga, wisata, apartemen lan fasilitas umum liyané.

Saben gerai nyediakake punjul 4.800 produk panganan, ora panganan, lan barang-barang umum lan produk seger kang regane murah, kanggé nyukupi kebutuhan paadinan konsumen.

Waralaba

Indomaret nduwé upaya dadi aset nasional awujud jaringan ritel waralaba kang unggul ing persaingan global. Tahun 1997 Indomaret manuhaké sistem kemitraan mawa mbukak peluang kanggo masarakat supaya bisa mèlu duwé lan nglakokaké dhéwé gerai Indomaret. Nganti Januari 2011, gerai waralaba Indomaret wis 2.000 (40%). Mitra usaha wralaba iki kelebu: koperasi, badan usaha dan perorangan.

Sarate waralaba digawé gampang lan murah saéngga nggawe gampang masarakat supaya bisa mèlu lan duwé usaha iki dhedhasar sipat padha-padha percaya lan ngewenehi bati. Sistem waralaba Indomaret wis diuji mawa jumlah gerai waralaba kang saya suwé saya akèh. Bab iki uga wis diakoni pamarintah mawa penghargaan "Perusahaan Waralaba Unggul 2003" déné Présidhèn Megawati Soekarnoputri. Penghargan iku kang sapisan ditapa déné perusahaan ritel waralaba nasional lan nganti saiki mung Indomaret kang tau nampa.

Cathetan suku

Pranala njaba

Tags:

Indomaret Visi lan Budaya PerusahaanIndomaret SajarahIndomaret Gerai Indomaret WaralabaIndomaret Cathetan sukuIndomaret Pranala njabaIndomaret1988Jakarta Lor

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MerkuriusDhaptar dasawarsaRambut pubisDSegara AbangSegara GaliléaTetanduran wiji kabukakSurat Al QadrKuntibojaWader cakulVivoIranSurat Al FalaqOrbit6InstagramHarold JeffreysHanja2013Olympus Mons48CeresTanggalWikipédiaAgama YahudiAtomIrakBeershebaTahuSurat Adh DhuhaBumiYoga wudaDeng XiaopingAs Aventuras de Gui & EstopaSusuPrancisPandadihanNikahAustralia TerbukaFC DžiugasJihadMoldhopha4 JanuariRomaniaGo, Dog. Go! (serial TV)CumbanaPiknik wudaTsumugi AkariTenggorokanWuku MedangkunganWayang kulitKabupatèn Padang LawasHollywood8CatalunyaPteranodonAnggang-anggangDaihatsu TeriosKupatBlogCentre-Val de Loire1528FilemLos AngelesWong JawaSurat Al Mujaadilah2010Jim Morrison72Juli18Karim Benzema🡆 More