Fénoménologi (saka basa Yunani phainómenon sing kang katon lan lógos sinau) ya iku kajian filsafat saka struktur pengalaman lan kasadharan. Sawijining kiprah filsafat iki diyasa ing taun abad kaping 20 awal déning Edmund Husserl lan mengko ditambahi déning para pandhèrèkipun ing Universitas Göttingen lan Munich, Jerman.
Artikel iki prayogané digabung karo Fénoménologi. (Rembug) |
Kajian filsafat iki banjur nyebar menyang Prancis, Amérikah Sarékat, lan liya-liyané, sanajan asring isi konteksé adoh saka karya Husserl kang wiwitan.
Fénoménologi ora dianggep dadi kiprah tunggal; kepara, béda-béda panyerat nduwé sawijining èmper kulawarga sing umum nanging uga duwé akèh panemu kang séjé-séjé. Kaya pratèlan ing ngisor iki:
Wedharan sing unik lan final saka fénoménologi mbebayani lan mbok manawi malah dadi paradoks amarga tématiké kurang fokus. Ing kasunyatan, iku dudu dhoktrin, utawa studi filsafat, nanging sawijining pangira-ira, sawijining cara, pangalaman sing bébas lan kaanyari kanthi asil sing béda-béda, lan iki uga bisa nggawé samar sapa-sapa sing lagi nggolèki makna fénoménologi.
Fénoménologi, ing konsèp Husserl, ya iku duwé pokok ing réflèksi sistematis lan studi struktur kasadharan uga fénoména kang kètok ing njero laku kasadharan. Fénoménologi jelas dibédakaké saka métode Kartesian sing nganggep donya iku minangka objék, kumpulan objèk-objèk, uga tumindak lan réaksi objék-objék siji mbaka siji.
Konsèp fénoménologi Husserl dikritik lan dikembangaké déning siswa-siswané, kaya ta Edith Stein and Roman Ingarden, déning filsuf hermeneutik, kaya ta Martin Heidegger, déning èksistènsialis, kaya ta Nicolai Hartmann, Gabriel Marcel, Maurice Merleau-Ponty, Jean-Paul Sartre, lan déning filsuf liyané, kaya ta Max Scheler, Paul Ricoeur, Jean-Luc Marion, Michel Henry, Emmanuel Levinas, Jacques Derrida, lan ahli sosiologi Alfred Schütz lan Eric Voegelin.
Sing paling dhasar, fénoménologi mbudidaya saperlu nggawé kaanan kanggo topik studi objèktif lumrahé dianggep subjèktif: kasadharan lan isi saka pangalaman sadhar kaya ta deduga, persèpsi, lan èmosi. Sanajan fénoménologi ya iku studi élmiyah, nanging ora nyoba kanggo sinau kasadharan saka perspèktif psikologi klinis utawa néurologi. Nanging, fénoménologi nggolèki liwat bayangan sistematis kanggo nemtokaké sipat-sipat lan struktur-struktur wigati saka pangalaman.
Ana sawatara pemanggih fénoménologi sing nerangaké sawijining dhasar:
Husserl ngedhunké akèh konsèp fénoménologi sing wigati saka karya lan sesorah saka guru, filsuf, lan ahli psikologi jenengé Franz Brentano lan Carl Stumpf. Sawijining unsur wigati saka fénoménologi sing Husserl silih saka Brentano ya iku intènsionalitas, pamanggih yèn kasadharan mesthi tetep kasadharan saka apa-apa. Objèk kasadharan diarani objèk sing disengaja, lan objèk iki wis diwènèhi wewenang kanggo kasadharan ing warna-warna cara, kaya ta liwat pamahaman, memori, penylametan, teges, lan sapanunggalané.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Fénoménologi (filsafat), which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.