Dushanbe

Dushanbe (Basa Tajik: Душанбе, Duşanbe) ya iku kutha krajané Tajikistan lan mujudaké kutha sing paling gedhé ing kana. Dushanbe tegesé Senèn ing basa Tajik.

Jeneng iku dijupuk saka salah sawijining désa sing duwé pasar sing ramé saben dina Senèn. Nganti taun 1929, kutha iki dikenal ing basa Ruslan minangka Dyushambe (Rusia: Дюшамбе, Dyushambe), lan saka 1929 nganti 1961 dikenal minangka Stalinabad (Basa Tajik: Сталинобод, Stalinobod). Ngancik taun 2014, cacahé padunung ing Dushanbe wis ana 778.500 wong.

Dushanbe
Душанбе
Dushanbe
DushanbeDushanbe
DushanbeDushanbe
Official seal of Dushanbe
Lambang
Dushanbe kapernah ing Tajikistan
Dushanbe
Dushanbe
Wewengkoné Dushanbe ing Tajikistan
Koordhinat: 38°32′12″N 68°46′48″E / 38.53667°N 68.78000°E / 38.53667; 68.78000 68°46′48″E / 38.53667°N 68.78000°E / 38.53667; 68.78000
NagaraDushanbe Tajikistan
Pamaréntahan
 • WalikuthaRustam Emomali
Laladan
 • City124,6 km2 (481 sq mi)
Élepasi706 m (2,316 ft)
Cacah warga (2014)
 • City778,500
 • Pepadhet0,62/km2 (1,6/sq mi)
 • Métro1 051 200
Zona wektuWektu ing Tajikistan (UTC+5)
 • Usum panas (DST)Wektu ing Tajikistan (UTC+5)
Situs wèbwww.dushanbe.tj

Sajarah

Dumunung ing tempurnaning rong kali, Varzob lan Kofarnihon, Dushanbe iku minangka kutha krajané nagara Tajikistan. Sanajan sisa arkéologi titimangsané saka abad ka-5 SM wis ditemokaké ing laladan kono,  Dushanbe tetep dianggep minangka wewengkon sing ora luwih saka désa cilik nganti awal abad ka-20.

Ing taun 1676, ana tulisan sing kawitan sing nyebutaké ngenani désa Dushanbe. Tulisan iku ana ing prapatan, papané bazar dianakaké sabne dina Senèn, mula saka iku, jenengé dadi Dushanbe-Bazar (Basa Tajik: Душанбе Бозор, Dushanbe Bozor) saka Dushanbe, kang tegesé Senèn ing basa Pèrsi, sing kanthi barès tegesé - dina kapindho (du) sawisé Setu (shambe - wusanané saka basa Shabbat Ibrani - שבת, bokmenawa saka Yunani Byzantium σάμβατον).[butuh sitiran] Ing désané, ana luwih saka 500 somah lan padunung cacah 8.000 wong.

Ngancik taun 1826, kutha iki dijuluki Dushanbe Qurghan (Basa Tajik: Душанбе Қурғон, Dushanbe Qurghon, kanthi panambang qurƣon saka basa Turki qurğan, tegesé "bètèng") Russified minangka Dyushambe (Дюшамбе). Gambar bumi sing pisanan nuduhaké yèn Dyushambe iki digambar ing taun 1875. Ing wektu iku, kutha iki wujud bètèng ing ledhokan ana pinggiring Kali Varzob kanthi padunung cacah 10.000.

Ing taun 1920, Amir ing Bukhara sing pungkasan wis tau ngungsi marang Dyushambe sawatara wektu, sawisé kalengseraké saka kaprabon déning révolusi Bolshevik. Dhèwèké lumayu menyang Afghanistan sawisé Wadyabala Abang nélukaké wewengkon iki ing taun sabanjuré.[butuh sitiran] Ing wiwitané taun 1922, kutha iki dikuwasani déning manggalané wadya Basmachi, ya iku Enver Pasha. Nanging ing 14 Juli 1922 wewengkon iki dikuwasani manèh déning para Bolsheviks lan dinyatakaké minangka kutha krajané Républik Sosialis Sovyèt Otonom Tajik minangka péranganing Républik Sosialis Sovyèt Uzbèk ing taun 1924.

Républik Sosialis Sovyèt Tajik sing kapisah saka USSR Uzbèk SSR iki diyasa ing taun 1929, lan kutha krajané Dyumshambe salin jeneng dadi Stalinabad (basa Ruslan: Сталинабад; basa Tajik: Сталинобод Stalinobod) kanggo ngajèni Joseph Stalin ing 16 Oktober 1929. Ing taun sabanjuré, kuthané tuwuh kanthi rikat.

Wong Sovyèt ngowahi wewengkon kuwi dadi punjering pambudidaya kapuk lan sutra, kanthi puluhan éwu wong pindhah menyang kutha. Cacah jiwané uga tambah mundhak sawisé éwon wong Tajik pindhah marang Tajikistan sakwisé Bukhara lan Samarkand dadi pérangané Uzbek SSR amarga anané delimitasi nasional ing Uni Sovyèt.

Ing 10 Novèmber taun 1961, Stalinabad salin jeneng manèh dadi Dushanbe nganti sapréné.

Ékonomi

Dushanbe 
Papan gelaran.

Tajik Air kantor pusaté ana ing papan anggegana Dushanbe ing Dushanbe. Déné Somon Air kantor pustaé ana ing Dushanbe.

Démografi

Cacah jiwané Dushanbe:

  • ing taun 1987 ana udakara 796.000 wong sing kasusun saka wong Tajik (75%), wong Uzbèk (10%), wong Ruslan (3%), lan liyané (12%);
  • ing taun 2011 ana udakara 679.400 dumadi saka wong Tajik (c. 83.4%), wong Uzbèk (9.1%), wong Ruslan (5.1%), lan liyané (2.4%).

Dhistrik

Dushanbe 
Dhistrik ing Dushanbe

Dushanbe dipérang dadi sawenèh dhistrik:

  1. Avicenna (Basa Tajik: Абӯалӣ Ибни Сино, Abūali Ibni Sino; Pèrsi: ابوعلی ابن سینا‌‎‎)
  2. Ferdowsi (Basa Tajik: Фирдавсӣ, Firdavsi; Pèrsi: فردوسی‌‎‎)
  3. Ismail Samani (Basa Tajik: Исмоили Сомонӣ, Ismoili Somoni; Pèrsi: اسماعیل سامانی‌‎‎)
  4. Shah Mansur (Basa Tajik: Шоҳмансур, Shohmansur; Pèrsi: شاه منصور‌‎‎)

Rujukan

Tags:

Dushanbe SajarahDushanbe ÉkonomiDushanbe DémografiDushanbe DhistrikDushanbe RujukanDushanbeBasa RusiaBasa RuslanBasa TajikTajikistan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

YudhisthiraAlang-alangMia KhalifaPanambangGrand CanyonYovie And The Nuno99 Cahaya di Langit Eropa (filem)Gajah gajahMijilWektuNurwègenBekicotAgus MustofaCumbana payudaraSajarahVaporꦱꦗꦫꦃ2005KresnaMacapatSintaHypertext markup languageMsabbahaUkrainaPSV EindhovenLee Min HoCathetan padinanNatriyumJay IdzesKartiniWidi WidajatGunung Papandayan1986Egy Maulana VikriZanzibarGambang SulingBima (paraga Mahabharata)Asty AnantaStadion Gelora Bung KarnoWikramawardhanaWangsalanAgus SalimTembung ancer-ancerCumbanaTembung aranÉstlan ing OlimpiadeGunung PrauDian SastrowardoyoWayang kulitWahid HasyimManuel RoxasSyekh Abdul Qadir JaelaniGajahDramaSunan Gunung JatiLaos (bumbu)Surat Adh DhuhaNike ArdillaSon Heung-minRukun IslamParis Saint-Germain FCDua Garis BiruErick ThohirMasjid Agung Jawa TengahKim Nam GilSléndroVladimir PutinIndhonésiaASega gorèngIsuzu PantherFilem pornoPayudaraPitulung🡆 More