Bulgogi

Bulgogi (basa Koréa: 불 geni, lan 고기 daging) iki masakan daging saka Koréa.

Daging kang digunakaké kaya ta daging jinis sirloin utawa daging kang apik saka sapi.

Bulgogi
Bulgogi
Jeneng Koréa
Hangul 불고기
Hanja ora ana
Alih aksara
Anyar
Bulgogi
McCune-
Reischauer
Pulgogi

Bumbu bulgogi iku campuran kécap asin lan gula ditambah bumbu liyané manut karo resep lan panggonané ing Koréa. Sadurungé dipangan, godhong slada ditrapaké minangka buntel bulgogi karo kimchi, bawang, utawa micin.

Ing Jepang, panganan kang kaya bulgogi diarani yakiniku. Dibandingaké karo yakiniku, bumbu daging kanggo bulgogi digawé luwih legi. Banyu ing bumbuné rada akèh, lan daging ora dipanggang ing plat wesi (teppan), nanging bisa dipanggang ing panci sing rata.

Bulgogi dipercaya wis ana wiwit jaman Goguryeo (37 SM-668 M), nalika iku bulgogi isih diarani maekjeok (맥적). Wujudé wujud daging sapi kang disunduki kaya saté. Iku diarani neobiani (너비 아니), kang tegesé daging tipis amba. Nalika Dinasti Joseon panganan iki disajèkaké kanggo para tamu sugih utawa para priyayi.

Bulgogi miturut makna barès tegesé daging geni ing basa Koréa. Maksudé ya iku, anggoné masak daging iku kanthi cara dibakar nganggo geni. Ana jeneng liya saliyané iku, kaya ta dak Bulgogi, kang digawé saka daging pitik, lan dwaeji Bulgogi kang digawé saka daging babi.

Cathetan sikil

Uga delengen

Pranala njaba


Tags:

Basa KoréaDagingKoréaMasakanSapi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BismaJesse JamesꦒꦼꦫꦺꦴꦁDominique HouraniMia KhalifaGoogle ChromeSurat Al 'AlaqMaricaTembung sarojaDhakonSalam Lintas AgamiDurmaLombok abangꦧꦭꦸꦔꦤ꧀Si Manis Jembatan AncolAwu vulkanikSajarah Amérika SarékatRerengganMasjid Menara KudusTembung garbaParto PatrioKabiskopan RomaHypertext markup languageDNABeskapꦄꦭꦺꦴꦏ꧀Omah JogloFederasi Bulu Tangkis DuniaS.S. Lazio292Tembung panggandhèngProvinsi L'AquilaGaya asuꦔꦸꦥꦠ꧀ElektronikaFarinaTatune arang kranjangCourseraCublak-cublak suwengBrad PittNewcastle upon Tyneꦮꦺꦢꦔꦤ꧀ꦧꦼꦝꦸꦒ꧀PâtisserieArtikelꦖꦼꦩ꧀ꦥꦭUnicodeKenongSurat Adh DhuhaImam NawawiToni KroosGirona FCꦮꦭꦶꦏꦸꦛSurat Al Muzzammilꦥꦼꦏꦶꦁ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)Amérika SarékatWikimaniaBarabudhurMi rajang ladingJustin BieberDadar gulungWangsalanVatikanNagita SlavinaKulawarga (biologi)Tèknologi informasiPiranti gamelan JawaIbnu RusydJathilanBonang barungRobin WilliamsShigeo Tokuda🡆 More