Besaran: Gènus tetuwuhan

Besaran utawi besar, uga diarani murbéi lan arbéi, kalebu tuwuhan kang bisa dimanfaataké woh lan godhongé.

Nanging lumrahé godhongé luwih wigati tinimbang wohé. Godhong besaran lumrahé kanggo pakan uler sutera. Déné uler sutera iki kena kanggo indhustri tékstil. Uler sutera bisa ngasilaké benang kepompong kang bisa diolah dadi kain sutera kang larang regané. Woh besaran bisa diolah dadi sari woh kang nduwéni khasiat kanggo kaséhatan lan bisa duwé aji tambah kanggo wong tani besaran.

Besaran: Gènus tetuwuhan
Besaran

Saliyané dikenal dadi tuwuhan kang godhongé bisa kanggo pakan uler sutera kanggo indhustri tékstil, besaran uga kena dadi antioksidan kang bisa ngundhakaké kadar kolésterol HDL lan ngurangi kadar kolésterol LDL. Déné kolesterol LDL iki kang nyebabake lelara jantung koronér. Ing Indonésia woh besaran lumrahé dipangan nalika isih seger.

Salah sijiné cara kanggo ngolah woh besaran ya iku kanthi digawé sari woh besaran. Nalika di tés ing tikus, sari woh besaran bisa nurunaké kadar kolésterol LDL lan triglisérida serum darah lan ngundhakaké kadar HDL.

Besaran: Gènus tetuwuhan
Besaran wis mateng rupané abang utawa ireng

Besaran uga nduwéni khasiat kanggo nambani lelara talasemia. Talasemia ya iku lelara amarga sél darah merah ora bisa mbentuk sèl-sél kang wutuh, lumrahé sèl kang kena talasemia dhapuré kaya wulan sabit. Besaran kanggo obat talasemia lumrahé digawé tèh besaran lan madu royal jelly Jambi.

Besaran nduwéni jeneng latin Fragaria vesca. Tuwuhan iki dikenal mirib stroberi alpin utawa stroberi cilik. Besaran wernané abang utawa putih gumantung variétase.

Nutrisi

Zat-zat kang ana ing besaran kang bisa migunani kanggo kaséhatan akèh cacahé.

  • Saponin ya iku glikosida kang akèh tinemu ing wit-witan
  • Favonoida, kalebu senyawa kimia aktif kang diarani uga silimarin saka tuwuhan Silybum marianum L. Zat iki kena kanggo obat lelara ati amarga nduwéni sipat anti hepatotoksik action
  • Polifenol kang gunané kanggo antioksidan
  • nduwéni sipat antibakteri
  • vitamin C
  • nduwéni sipat anti oksidan

Miturut Pratélan Komposisi Bahan Makanan (DKBM), saben 100 gram besaran ngandhut akèh nutrisi.

Khasiat

Besaran ngandhut akèh vitamin C lan zat-zat kang migunani kanggo kaséhatan, mulané besaran nduwéni akèh khasiat.

  • obat sariawan. Kanggo nambani sariawan, woh besaran kang isih seger cacahé kurang luwih 10 gram dikumbah banjur dipangan kaya woh.
  • ncegah kanker
  • kanggo tamba lara maag, carané digawé jus banjur diombé
  • ncegah lelara tifus
  • tamba yèn lagi mencret utawa diare
  • tamba wudun, carané godhong kang garing digodhog nganti umob banjur dienggo ngekum pérangané awak kang tatu.
  • obat lelara kulit, kanthi cara memangan godhhong besaran kang diolah miturut kasenengané.
  • ngedhunaké kadar kolesterol

Kajaba iku besaran uga nduwéni khasiat kanggo kecantikan.

Cathetan suku

Tags:

GodhongIndhustriKaséhatanSariTuwuhanUlerWoh

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ula marani gebugJihadWayback MachineEmha Ainun NadjibPréinan YahudiSitrusꦕꦼꦊꦩ꧀ꦥꦸꦁKarbonAngkor Watꦧꦼꦝꦸꦒ꧀Fuji Electricꦧꦫꦺꦴꦔꦤ꧀SubaliMahfud MDꦱ꧀ꦮꦫKabiskopan OriaRené DescartesMohammad Husni ThamrinGajah gajahWikinewsꦏꦼꦕꦥꦶPevita PearceGoogleJason StathamRuslanꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦗꦮHabib Muhammad Luthfi bin YahyaꦥꦿꦶꦁImam NawawiMesut ÖzilM-16 (bedhil)Cristiano RonaldoSesantiMia KhalifaNathan Tjoe-A-OnMichael JordanSiterOpickKodhokA.C. MilanHappy AsmaraFiqihCiri wanci lelai ginawa matiDNASadéwaKethoprakAnies BaswedanAbimanyuPranatacaraꦏꦼꦥꦾꦏ꧀JurudemungAndre TaulanyKarnaGibran RakabumingXherdan ShaqiriEgy Maulana VikriFederasi Bulu Tangkis DuniaChris Evans (aktor)Surat Al JinUpacara tingkebanMarshmelloTembung wodNanotèknologiYésus KristusSidratul muntahaWisanggeniMohammed Sameer LamiBrokohanGambuhArjunaꦒꦩ꧀ꦧꦁ🡆 More