Basa Sranang, uga diarani Sranangtongo (saka tembung Sranang Suriname lan tongo ilat), Sranan, Taki-Taki, Kréol Suriname lan sapanunggalé iku basa kréol dhedhasar saka basa Inggris kang dipituturaké minangka lingua franca ing nagara Suriname déning udakara wong 500.000.
Language name | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | — | |
Wilayah | — | |
Gunggung panutur | — | |
Rumpun basa | Kréol Inggris
| |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | srn | |
ISO 639-3 | srn |
Basa iki dadi basa padinan lan basa sesambungan antarané panyatur basa Landa, Jawa, Hindhustani Karibia, Aukaans, lan Cina. Basa Sranang iki dipituturaké uga déning warga Suriname ing Walanda.
Basa iki mula-bukané dipituturaké déning batur-batur tukon kang digawa saka Afrika ing Suriname awit abad ping 17, lan nalika Suriname isih jajahané Inggris. Sabubaré taun 1667, tlatah Suriname diijolaké karo Niu Amsterdam antarané Inggris lan Walanda.
Campuran saka pijin basa Inggris, Landa, Portugis lan basa-basa Afrika mligi, basa Sranang iki mula-bukané kanggo sesambungan taliwarga antarané batur-batur tukon Afrika kang béda ètnis lan kanggo sesambungan antarané batur tukon karo bendarané amarga nalika iku ora diolèhaké nganggo cara Landa, mligi bendara menyang baturé tukon.
Sanajan sistem pamulangan ing Suriname dhedhasar sistemé Walanda, nanging basa Sranang dadi basa kang ditampa déning warga Suriname sakawit Dési Bouterse madeg kuwasa ing taun 1980-an lan kerep ngendikan basa iki saben sesorah.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Basa Sranan Tongo, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.