Wong Bugis: Suku wangsa ing Indonésia

Wong Bugis utawa Suku Bugis iku kalebu golongan ètnik kang laladan asalé ing Sulawesi Kidul.

Suku Bugis bisa dititèni saka basa lan adat-istiadat. Wong-wong Malayu lan Minangkabau kang ngulandara ing Sulawesi wiwit abad kaping 15 lan dadi pedagang lan tenaga administrasi ing Karajan Gowa kang wis ngalami akulturasi,uga bisa diarani wong Bugis.

Wong Bugis: Suku wangsa ing Indonésia
Suku Bugis

Miturut sensus warga Indonésia taun 2000, populasi wong Bugis akehé nem yuta (6.000.000) wong. Saiki wong-wong iki sumebar ing provinsi-provinsi liyané ing Indonésia kaya ta ing Sulawesi Tenggara, Sulawesi Tengah, Papua, Kalimantan Timur, lan Kalimantan Selatan. Saliyané iku, wong Bugis uga akèh kang merantau ing mancanagara. Bugis iku suku kang kagolong ing suku-suku Malayu Deutero.

Mlebu ing Nusantara sawisé gelombang migrasi kang sepisanan saka daratan Asia ya iku ing Yunan. Tembung Bugis asalé saka tembung To Ugi, kang tegesé wong Bugis. Jeneng ugi uga jenengé ratu kang sepisanan ing karajan Cina kang manggon ing Pammana, Kabupatèn Wajo saiki ya iku La Sattumpugi. Nalika rakyat La Sattumpugi jenengi awaké, rakyat iku ngarah ing rajané, Jeneng To Ugi tegesé wong-wong kang mèlu mring La Sattumpugi. La Sattumpugi iku bapak saka We Cudai lan isih sadulur karo Batara Lattu, bapak saka Sawerigading. Sawerigading iku bojoné We Cudai kang nglairaké anak kalebu La Galigo kang nggawé karya sastra kang gedhé dhéwé kang cacahé kurang luwih 9000 folio.Sawerigading Opunna Ware (Yang dipertuan ing Ware) iku kisah kang ditulis ing karya sastra I La Galigo ing tradhisi masarakat Bugis. Kisah Sawerigading uga kaloka ing tradhisi masarakat Luwuk, Kaili, Gorontalo lan tradhisi liyané ing Sulawesi kaya ta Buton. Suku Bugis uga duwé aturan sajeroning nenikahan.

Cathetan suku


Tags:

AkulturasiBasaGolongan ètnikMalayuPedagangSulawesiSulawesi Kidul

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

CiléJames K. PolkWayang kulitSurat Al MuzzammilꦏꦭꦺꦴTembung tanggap15 MaretHasyim Asy'arieSurat As SajdahKalkulusReykjavíkSintaksisArachnidaKleponKutubMakruhMozilla FirefoxGarasi (band)Laura BasukiRepublik Otonom KriméaJamie VardyFilsafatMasjid NabawiꦥꦸꦭꦺꦴOperasi plastikDinda Kiranaꦧꦼꦫꦸꦏ꧀SinomSingapuraSonyKartiniAugustusCathetan padinanMaskumambangWetengPablo PicassoWirangrongThelo AasgaardWajikLelaraSinarmas GroupBeyoncé KnowlesAfrodhisiakSunan Gunung JatiHemoglobinInternètMasjid QubaBaliBoris BokirSemana SantaWali BandKerata basaUniform Resource LocatorAnafilaksisMahfud MDAsiaBunkyō, TokyoBasa Indhonésia994Coboy JuniorMahabharataAngela Dorothea MerkelPerang Badar20th Century FoxMao ZedongDolar ASKotomi AsakuraCitibankJesse JamesGandane arum jambanSulawesi KidulRadja NainggolanPandhuPerangIwan FalsLagos🡆 More