Sembung (Blumea balsamifera Lour) utawa ing basa Banggai kasebut Pakundalang, yaiku salah sawijining tanduran saka Népal.
Wit Sembung | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Asterales |
Famili: | Asteraceae |
Génus: | Blumea |
Ing negara asliné godhong iki kaaran ai na xiang. Tanduran iki kalebu ing marga Blumea. Kembang sembung warnané putih dhedhompolan, rasané pedhes semu pait lan gandané kaya empon-empon.
Wit sembung kalebu golongané wit-witan perdu, dhuwuré udakara 4 mèter, duwéni gagang kang empuk lan duwéni wuluh alus ing pinggirané. Ing poking gagang thukul godhong cilik-cilik kang wujudé dawa tur lincip, kandel lan ana wuluhné alus. Yèn godhongé diremet ngetokaké ganda langu kaya déné kapur barus. Tanduran iki thukul ana ing lemah kang dhuwuré 2200 mèter sadhuwuring laut. Kanggo nandur wit sembung bisa nganggo winih utawa nganggo gagang kang ana oyodé. Lumrahé wit sembung akèh ditemokaké ana ing pinggir kali, kebon, utawa panggonan kang lembap.
Tanduran iki duwéni manéka sipat kimia, yaiku lenga atsiri 0.5% (sineol, borneol, landerol, limonene, beta-eudesmol, beta-champene, myrcene, lan kamper), flavanol, tanin, damar, saponin, lan ksantoksilin.
Umume kang digunakaké kanggo obat yaiku godhongé, amarga godhong sembung duwéni manéka munpangat. Miturut masarakat Banggai, wit Pakundalang utawa Sembung ana rong jinis, yaiku sembung lanang lan sembung wadon. Wit Sembung lanang digunakaké kanggo jamu tradhisional gantiné KB. Godhong sembung bisa kanggo antiradang, nglancaraké ilining getih, matèni baktèri, lan ngangetaké awak. Saliyané kuwi, godhong sembung uga bisa kanggo ngilangi abuh-abuh lan getih kang njèndhel, mbancaraké entut, ngetokaké kringet, ngetokaké riyak, obat watuk, lan minangka tonikum. Godhong sembung bisa digunakaké kanggo obat reumatik, mèncrèt, nyeri haid, turun panas, lan bisa kanggo gantiné tèh.
Miturut panalitèn kang wis ditindakaké, godhong sembung uga bisa kanggo ngobati lelara bronkitis, sinusitis, lan lara jantung. Saliyané munpangat kanggo manungsa, bisa uga kanggo kéwan amarga kandhungan saponin lan tanin kang sipaté antiviral, antibaktèri, lan anané immunomodulator kang bisa nambah napsu mangané kéwan, kandhangé uga ora mambu amonia yèn kéwan kasebut mangan godhong sembung.
Ana manéka cara ngolah godhong sembung kanggo jamu, béda lelara béda cara ngolahé.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wit Sembung, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.