Sinusitis

Sinusitis minangka lelara peradhangan ing dhaèrah sinus.

Sinus minangka rongga kothong sing ana ing balung pipi (maxillary), ing bagean ngisor bathuk (frontal), bagean mburi rongga irung (sphenoid) sarta antaraning irung lan matang (ethnoid). Nalika sinus bengkak, cuwèran ora bisa lumebu lan metu ing rongga kasebut sakèngga kadadean kabuntetan lan abuh.

Sinusitis
Classification and external resources
Sinusitis
Lelara sinusitis
ICD-10ICD-10 Chapter J|J01, ICD-10 Chapter J|J32
ICD-9461, 473
DiseasesDB12136
MedlinePlus000647
eMedicinearticle/232670
MeSHD012852

Jalaran

Bedané karo pilek biasa ya kuwi pilek minangka kahanan irung kabuntetan  lendhir lan amung kadadean 7-10 dina. Kanéka déné sinusitis kadadean ing wektu kang luwih suwé lan pratandha sing ditandhang luwih abot.

Ana pirang-pirang perkara kang bisa njalari kadadean lelara iki ya kuwi:

  • Infèksi sinusitis saka virus mbebayani, baktèri lan jamur.
  • Wujud anatomi pawongan mawa bolongan sinusé luwih cilik sakèngga agawé lendhir angèl kawetu.
  • Ananing alergèn, keluk, polusi, serbuk sari lan bledug kang lumebu bolongan irung.

Jinis

Lelara iki dipara miturut suwéné ya kuwi:

  1. Sinusitis akut. Jinis iki suwéné udakara 2-4 minggu.
  2. Sinusitis subakut. Jinis iki bisa kalangsung 4-12 minggu.
  3. Sinusitis kronis. Jinis infeksi iki bisa luwih saka 12 minggu lan ing kahanan tartamtu bisa pirang-pirang sasi lan mataun-taun.
  4. Sinusitis kumatan. jinis iki minangka jinis infèksi sinus ing kadadean pirang-pirang ing setaun.

Pratandha

Ana pirang-pirang patandha nalika kena lelara iki ya kuwi:

Pratandha utama

  • Rasa nyeri ing sinus (rongga rai)
  • Buntet ing bolongan irung
  • Irung ngetokaké lendhir kenthel werna kuning kaijonan
  • Ganggunan pakaryan irung minangka pangambu

Pratandha tambahan

  • Mumet
  • Watuk
  • Kekeselen
  • Nyeri ing kuping

Prathandha nalika wis komplikasi

  • Bengkak ing mripat
  • Pasawangan burem
  • Rasa kaku ing buri guli
  • Pamudhunan kasadharan
  • Radhang gurung

Dhiagnosis

Sinusitis 
Panampang panandhang sinusitis

Dhokter racaké mrèksa panandhang saperlu nindakaké dhiagnosis kaya ta:

Èndhoskopi irung

Sawijining tabung tipis lan flèksibel kanthi cahya serat optik dilebokaké lewat bolongan irung kanggo ndelok struktur lan kahanan ing irung.

Studi pancitraan

Panggunanan MRI utawa CT Scan bisa ndelengi struktur sinus lan aréa irung kanthi setiti.

Kultur irung lan sinus

Tès laboratorium umumé ora dibutuhaké kanggo ndhiagnosis sinusitis akut ananging nalika kahanan ora sansaya apik, kultur jaringan ngrewangi mangertèni jalarané kaya ta baktèri.

Tès alergi

Menawa dicubriyani tuwuhing sinusitis akut amarga alèrgim dhokter bisa mènèhi pramayoga tès kulit alergi.

Nangani

Sinusitis minangka lelara kang bisa kumat kapan waé mliginé nalika ana faktor pamicuné. Pramila manawa ngasakaké pratandha, kagiyatan kang bisa dilakokaké ya kuwi:

  • Migunakaké obat semprot irung (saliné nasal spray)
  • Migunakaké minyak èsènsial kanthi cara ditètèsaké ing banyu panas lan ambegan ing dhuwuré nganti irung krasa plong.
  • Pijet akuprèsur
  • Ngombé wedang saka godhogan jaè lan kunir.

Nyegah

Kagiyatan kanggo nyegah lekara iki ya kuwi:

  • Njaga karesikan awak lan papan
  • Resiki omah saka bledug
  • Pigunakaké pelembab ruwangan
  • Ngombé banyu putih kanthi cukup
  • Pasthèkaké leren kanthi cukup
  • Ora ngrokok
  • Ngadohi pawongan kang nandhang pilek
  • Nglakoni imunisasi flu miturut jadwal.

Kapustakan

Tags:

Sinusitis JalaranSinusitis JinisSinusitis PratandhaSinusitis DhiagnosisSinusitis NanganiSinusitis NyegahSinusitis KapustakanSinusitisBathukPipi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Hamka HamzahMahfud MDLia AnantaRatu KalinyamatSastraKebayoran Lama, Jakarta KidulKarimun Jawa, JeparaIPhoneFilipinaKabinet NatsirMoskouAksara JawaAsian Football ConfederationCristian GonzálésBambang NurdiansyahPurwakanthiNokénSepur Jaka TingkirKabupatèn NgawiYoon Bo-miPattimuraShayne PattynamaIndhonésiaSalat rawatibTessa KaunangReza RahadianJinising paragrafSlankNaffNarto SabdoÉgrangAsmaaulhusnaWunguMesut ÖzilAksara CarakanBella SaphiraBudayaCumbana payudaraMohamed Sameer LamiAndre TaulanyAdolf HitlerCut Nyak DhienTogorWikipédiaꦏꦂꦤꦮ꦳ꦭ꧀Kuwé lapisSurat Al MunaafiqunMsabbahaCitra ScholastikaAchmad SoebardjoTemulawakWangsalanꦄꦩ꧀ꦮꦂꦱMingguJohorTakbirVirgil van DijkAstinapuraTata SuryaCublak-cublak suwengKumbakarnaLesmanaJambiHelmy YahyaKerata basaKucingBélarusLuca ToniSyekh Abdul Qadir Jaelani99 Cahaya di Langit Eropa (filem)Joko WidodoKarnavalꦠꦠꦃSoehartoPrastawa BudayaJeremy Thomas🡆 More