mbesut Kaca

Wiki iku sawijining WikiWiki, kang artiné sapa wae bisa mbesut artikel sing ora direksa lan ngetrapake owah-owahan iku langsung ing kaca kuwi uga.

Mbesut sawijining kaca Wiki iku gampang. Klik waé tab besut (ing sisih tengen, dhuwur utawa ngisor kaca wiki). Sabanjuré, panjenengan bakal mlebu ing kothak teks sing bisa kanggo mbesut (editing) naskah kang bakal kapacak ing kaca wiki. Panjenengan beciké nyoba dhisik ana ing kothak wedhi. Panggonan iki kanggo sinau kepriyé cara tag wikipedia lumaku.


Panjenengan bisa miwiti ngetik ing kothak teks mau. Panjenengan bisa nambahi katrangan utawa mbeneraké katrangan sing klèru. Eling, tulisan ing wikipedia kudu nétral! Sawisé tulisan wis dadi, panjenengan beciké nonton dhisik sadurungé disimpen.

Ana kalané isi Wikipedia prelu dirembug, apa manèh yèn ana sing ora nétral utawa data-né salah. Panjenengan bisa klik tab "+" utawa dhiskusi kanggo ngrembug perkara mau.

Katrangan luwih premana perkara mbesut kaca wiki

Panjenengan bisa niliki kaca-kaca pitulungan liyané:

Tips mbesut

  • Panjenengan kudu nétral (Neutral point of view/NPOV).
  • Kanthi tulisan sing panjenengan gawé, coba panjenengan klik Pranala kaca iki kanggo mriksa kaca-kaca liya sing kasambung pranala menyang tulisan sing panjenengan gawé. Yèn ana sing béda, beciké panjenengan beneraké utawa ditakonaké marang sing nulis.
  • Yèn ora ana pranala tumuju menyang kaca sing panjenengan tulis, iku artiné kaca iku klebu kaca kasepèn (lonely pages).Kaca kasepèn arang ditiliki para pamaos. Beciké panjenengan nggolèki naskah liya sing magepokan lan gawé pranala ing naskah liya mau.
  • Mriksani artikel sing padha ing Wikipedia basa liya kanggo njangkepi tulisan lan mènèhi interwiki.

Kéat-kéat ngagém basa tulis online lan offline ting Wikipedia Basa Jawa

 Judhul: Mobil definisi/penjelasan: tuladha: Mobil yaiku salah sawijining alat transpotasi....  Carane ngisi gambar [[Gambar:Mobil_Balap.jpg|thumb|right|Gambar Mobil Balap F1]] 
Diakritik  nang wikipedia basa jawa namung mbedakna  e pepet kalih e taling (é miring lan è jejeg). tuladha: pe-pet, lé-lé, awèt, sé-lèh 
==Cathetan suku==   {{id}}[http://situskoran.com](Kaundhuh tanggal 30 April 2011) 
==Delengen uga==  [[Mobil balap]]  [[Mobil sedan]]  [[Mobil mpv]] 
==Pranala njaba==   [http://alamatsitus.com Situs resmi 1]    [http://alamatsitus.com Situs resmi 2]    [http://alamatsitus.com Situs resmi 3]  
 [[Kategori:jeneng kategori]] 
Wikifikasi  [[Mesin]], [[Monthor], [[Honda]], [[Mitsubishi]] 
Interwiki  [[id:Judhul]]  [[en:Judhul]] 

Gawé pranala

Pranala (link) iku pérangan wigati ing kaca wiki. Sebisané, panjenengan gawé pranala ing naskah utawa tulisan sing panjenengan gawé. Pranala utawa sambungan menyang kaca liya iku bisa wis ana, bisa uga ora ana (kaca buntu utawa dead-end pages).

Besutan sithik

Yèn panjenengan login, nalika mbesut ana pilihan katrangan cénthangan sithik. Iku kanggo besutan sing ora ngowahi akèh isi tulisan.

Tags:

mbesut Kaca Katrangan luwih premana perkara mbesut kaca wikimbesut Kaca Tips mbesutmbesut Kaca Kéat-kéat ngagém basa tulis online lan offline ting Wikipedia Basa Jawambesut Kaca Gawé pranalambesut Kaca Besutan sithikmbesut KacaWikiWikipediaWikipédia:Artikel

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat LuqmanKembenKlasifikasi iklim KöppenPendhapaSugiarta SriwibawaMuara Wis, Kutai KartanegaraSoedirmanXiaomiGulagPerang Donya IIKaséhatanKarnaGunung MerbabuMaricaEmha Ainun NadjibMat SolarUpacara tingkebanSeppukuBarakudaKendhangSèngꦱꦸꦛꦶꦭ꧀Surat Al IkhlashParibasanBabad Tanah JawiAve MaryamLee Jong-sukKoji TakakuraRuslanCitilinkBiografiRépublik Rakyat CinaKabupatèn Penajam Paser LorSatéBalabakJerapahSohanLiputan 6 PetangRante MasAvenged SevenfoldLumpangMiki TikusWayang kulitKethoprakMeisya SiregarJawaDuryodanaRotiNitrogenRatu AgengBiruPencak silatMijilAK-47Omah JogloRukun ImanPada pangkatDrijiSutradharaFilem pornoGajah ngidak rapahAntariksawanBasa InggrisGambuhLintangKurup AbogéAnies BaswedanPSV EindhovenRengginangꦩꦁꦏꦺꦴꦏ꧀Panganan saka Jawa TengahDhomain publikGlenn FredlyOtolaringologiAline Adita🡆 More