Wasabi: Panganan mligi saka Jepang

Tuwuhan wasabi ya iku tuwuhan kang ana ing Jepang.

Wasabi
Wasabi: Panganan mligi saka Jepang
Wasabi (lukisan Iwasaki Kanen, 1828)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Brassicales
Famili: Brassicaceae
Génus: Wasabia
Spésies: W. japonica
Jeneng binomial
Wasabia japonica
Matsum.

Tandhuran iki duwé roso pedhes, lan nyegrok ing irung. Saliyané ditandur ing tegalan, wasabi uga biso di tandur ing banyu. Wasabi asring kanggo bumbu ing masakan Jepang, kyata sashimi, sushi, soba, lan ochazuke. Godhong, pang, lan rimpange ambune wangi, rasané pedhes, nanging béda karo pedhese lombok.

Ing sajeroni tuwuhan wasabi iku ngandung unsur kimia kang ndadèkaké rasa wasabi pedhes, tuladhané: isotiosianat utawa ing jeneng kimiane (6-methylthiohexyl isothiocyanate, 7-methylthioheptyl isothiocyanate, lan 8-methylthiooctyl isothiocyanate). Unsur kimia iki duwé sipat antimikroba kang bisa nyegah rikat thukulé baktèri.

Sajarah

Budidaya wasabi diwiwiti wiwit taun 1596-1615 ing hulu kali Abe, Utōgi, Prefektur Shizuoka. Wektu iku warga désa Utōgi njabut wasabi kang thukul liyar lan dielèh ing cedhak sumber banyu kang mapan ing Idōgashira. Budidaya wasabi ing Idōgashira dadi gawéan mbudidaya wasabi kang pisanan ing Jepang. Asilé diwènèhaké marang Tokugawa Ieyasu kang urip ing Pura Sumpu. Miturut carita, Ieyasu seneng banget karo wasabi saka warga désa. Dhèwèké seneng banget amarga dhapuré godhong wasabi lambang kulawarga klan Tokugawa. Miturut carita liya sumebaré wasabi ing Jepang diwiwiti ing tengah jaman Edo saka bibit tuwuhan wasabi kang ditompo déning Itagaki Kanshirō sabubaré ngajaraké budidaya shiitaké marang wargo penduduk Utōgi.

Cathetan suku


Tags:

IrungJepangLombokOchazukeSashimiSobaSushi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BiografiTembung panggandhèngPlanitPencak silatKabupatèn BatanghariIan KaselaAlizéeNadiem MakarimMangkunagara IThe Sessions (filem)David BeckhamCrash Landing on YouCumbanaEris (planit)WibisanaKandangan TVMaulana Malik IbrahimUpacara tingkebanMartha TilaarSurat Ali ImranAnwar FuadyKim Soo-HyunPitulungGandane arum jambanSimon PetrusZayed KhanUmar bin Abdul AzizKabupatèn WajoIowaPananggalan JawaISO 4217SoenarkoPerang Yom KippurTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)MerkuriusManuel RoxasBasa MalayuKegWajikDurmaMicrosoft WindowsGerakan Pramuka IndonesiaBlogSaridin (Syeh Jangkung)KendhangSD Negeri 3 Jomboran, KlatenGendhingIrfan BachdimTora SudiroBambang Hendarso Danuri2012NovèlAngka JawaXabi AlonsoGajahKutha BatuKodhok godhogBimasektiTiara AndiniPiala Dunia FIFA 2014RuwatanSinarmas GroupBiruSoehartoLechonaNikelwordpressErling HaalandYurike PrastikaBudayaFosforGarèng1530-anAmateur Night (filem)🡆 More