Upacara Tumpak Landep utawa kerep sinebut Upacara Pawedalan yaiku upacara kang ana ing Desa Munggur, Kecamatan Mojogedang, Karanganyar, Jawa Tengah.
Upacara iki ditindakaké déning para umat Hindhu ing wayah bengi kanggo mèngeti dina kelairan papan tartamtu uga kanggo ngonjukaké rasa syukur lan panyucian alam saisiné.
Pawedalan asalé saka tembung wedal kang duwèni teges lair. Mula upacara iki kanggo mèngeti dina lairing sawijining papan. Nanging ora mung kuwi, upacara iki uga kanggo ngonjukaké rasa syukur marang Gusti kang Maha Kuwasa kang wis paring akèh banget nikmat marang manungsa.
Mèmpèr klawan jenengé, upacara iki katindakaké ing dina Setu Kliwon wuku Landep. Pangarsa ing upacara iki yaiku Romo.
Upacara diwiwiti watara jam 7 bengi. Kang kawiwitan ditindakaké ing upacara iki yaiku prosesi Mendhak Bathara kang duwèni ancas ngundang para déwa supaya ngrestoni lakuné upacara, ngundang roh-roh leluhur, uga kanggo ngundang para dhanyang kang manggon ana ing nusantara.
Upacara Tumpak Landep manggon ing prapatan dalan. Para déwa, dhanyang, uga roh leluhur kang uwis diundang dilinggihné ana ing papan kang uwis cumepak, banjur dipikul digawa bali menyang njero pura. Sadurungé digawa lumebu ana njero pura, piranti kang dienggo mikul kuwi mau diresiki dhisik kanggo ngilangaké niskala utawa rereged kang nèmpèl. Sawisé diresiki lan digawa lumebu, adicara sabanjure yaiku ngojukaké manéka persembahan. Wujuding persembahan yaiku manéka asiling bumi lan beksan Gambyong kang ditindakaké déning para kenya kang isih prawan.
Ngenani piranti kang digunakaké ing upacara kasebut yaiku Pejati Daksina Linggih. Piranti iku kang digunakaké kanggo mikul para déwa, dhanyang, lan roh kang wis kaundang ana ing upacara kasebut.
Sadurungé lumebu pura, Pejati kudu ngliwati telung kori (lawangan pura), yaiku pejati nistha, pejati madya, lan pejati utama. Sadurungé lumebu pura pejati kudu disucèni dhisik nganggo banyu suci kang uwis didongani déning para Mangku.
Dititik saka Lontar Sundaraigama, Upacara Tumpak Landep duwèni sauntara kautaman, yaiku:
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Upacara Tumpak Landep, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.